Minggu, 14 Desember 2014

TULADHA SALOKA

SALOKA

1.     Kutuk marani sunduk, Tegese Njarak marang bebaya
2.     Asu arebut balung, Tegese Pada rebutan barang sepele
3.     Becik ketitik ala ketara, Tegese Becik ala bakal ketara ing tembe mburine
4.     Blilu tau pinter durung nglakoni, Tegese Senajan durung mengerti nanging wis bisa nglakoni
5.     Lanang kemangi, Tegese Wong lanang sing jirih
6.     Klayang kabur kanginan, Tegese Wong urip sing kalunta-lunta
7.     Maju tatu mundur ajur, Tegese Kabeh budidayane ora kasil
8.     Ketiban awu banget, Tegese Ora ngerti apa-apa didakwa
9.     Keplok ora tombok, Tegese Melu seneng nanging ora wragad
10.  Madu balung tanpa isi. Tegese Padudon amarga barang sepele
11. Lambe satumang kari semerang, Tegese Aweh pitutur bola-bali digape
12. Nabok ngyikih tangan, Tegese Nindhaake tumindhak ala sarana kongkonan
13.  Sepi ing pamrih rame ing gawe, Tegese Tumandhang nggawe tanpa nduwe melik
14. Tuna sathak bathi sanak, Tegese Rugi bandha nanging bathi sadulur
15. Wiwit kuncung nganti gelung, Tegese wiwit cilik nganti tuwo
16.Ulat mandhep ati karep, Tegese wis manthep banget
17.  Rebut balung tanpa isi rebut kemiri kopong, Tegese Padudon rebutan barang sepele
18.  Rawe-rawe rantas malang-malang putung, Tegese Kabeh sing ngalangi disingkirak
19.   Kacang mangsa ninggal lanjaran: Kabiasane anak niru wong tuwané
20.  Kadang konang: Gelem ngakoni sedulur mung karo sing sugih
21.  Kalah cacak menang cacak: Samubarang penggawéyan luwih becik dicoba dhisik bisa lan orané, ing ukara iki 'cacak' tegese nyoba
22. Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega: Wong sing ora duwé papan panggona
23.  Katon koyo cempaka sawakul: Tansah disenengi wong akeh
24.  Kaya banyu karo lenga: Wong kang ora bisa rukun
25.  Kebanjiran segara madu: Nemu kabegjan kang gedhe banget
26.  Kebat kliwat gancang pincang: Tumindak sing kesusu mesthi ora kebeneran
27. Kebo bule mati sétra: Wong pinter ning ora ana sing merlokaké
28.  Kebo ilang tombok kandhang: Wis kelangan ngetokaké wragat manèh kanggo nggoleki malah ora ketemu pisan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar