Tragedhi Ngethok Pita
Anggone ngenteni nganti kaya nangka kedalon. Akhire dewi
arimbi nglahirake putra bima. Para rakyat pringgadani pada bungah amarga anak
iki kang bakal dadi kembang-kembangane ratu ing pringgadani. Ora melu
ketinggalan para pandhawa,bathara kresna,para kadang punakawan,astrajingga saha
dawal pada kumpul melu mangayu bagya.ora let suwe swara tangisan bayi sing gawe
gleger sak pringgadani. Siji mbaka siji padha ngaturake rasa mangayu bagya
kanggo raden werkudara utawa bima kanggo lahire sang jabang bayi sing di
jenengake jabang tutuka.
Ora ana sing ilang saha kurang saka
bayi kasebut namung ari-ari saka bayi jabang tutuka durung bisa tugel. Kabeh
cara dilakoni kanggo ngethok tali ari-arine nanging tetep ora bisa. Dewi arimbi
namung bisa nangis. Begawan abiyasa sing ora liya yaiku simbah buyute jabang
tutuka ngendika,sing bisa ngethok ari-ari jabang tutuka namung gaman gaman
kadewatan duwene bethara guru. Begawan
abiyasa mrintah arjuna supaya lunga ing khayangan kangggo goleki gaman
kuwi mau.
Ing khayangan isih ana kedadean sing
gonjang-ganjing,disebabke serangan saka naga percona. Naga percona nduweni
kesakten sing arep padha karo para dewa. Kedadean iki jelas gawe repot para
dewa. Bethara guru ndelok saka kaca trenggana, sing bisa nglahake naga percona
namung jabang tutuka. Bethara guru mrentah Bethara Narada supaya menehake panah
kontawijaya marang arjuna kanggo ngethok ari-arine jabang tutuka karo syaran
yen jabang tutuka kudu dadi panglima perang ngadhepi naga percona.
Ing wektu sing padha Karna nembe
tapa ing kali gangga kanggo golek gaman sekti. Nalika Bathara Narada nyedhak
ing panggonane Karna,deweke bungah amarga Karna dikira Arjuna. Bethara Narada
langsung wenehake gaman kasebut,karna nrima langsung lunga tanpa pamit. Hal
kasebut nggawe sadar Bthara Narada sing diwenehi kuwi dudu Arjuna. Mangertini
hal kasebut semar nyalahake Bethara Narada, amarga sing diwenehi kudu dudu
Arjuna nanging Karna. Bethara Narada wis
grusa-grusu wenehake gaman lan langsung mrentah Arjuna ngoyak Karna. Arjuna
mlayu marani Karna, dadi perang tandhing ngrebutake gaman kasebut. Arjuna bisa
ngrebut gaman kuwi saka Karna langsung lunga mulih ing pringgadani. Tekan
pringgadani langsung dinngo ngethok ari-ari jabang tutuka. Banjur ngejak jabang
tutuka menyang khayangan amarga wis janji marang Bethara Guru. Mulane Bima ora
sarujuk amarga jabang tutuka isih bayi. Nanging kabeh mau wis ana janjine karo
Bethara Guru.
Jabang Tutuka diboyong ing
khayangan, tekan gerbang selapa jabang tutuka diselehake ing tengah dalan. Ora
let suwe Naga Percona teka deweke weruh bayi lan ngece Bathara Guru, Bethara
Guru dipoyoki lann diunekake edan amarga
ngakon ddeweke nglawan bayi sing mung
bisa nangis. Bethara Guru ngangkatjabang tutuka lan dicedakake wayahe naga percona,tangane
jabanfg tutuka obah bisa gawe mripate naga metu getih. Naga percona ora trima
lan bakal nglawan bayi kuwi maneh. Krungu Naga Percona ngincim Bethara Guru
nyemplungake jabang tutuka ing kawah Candradimuka. Ing jero kawah diweneehi
gaman supaya tuttuka kuwat. Nalika wis mentas jabang tutuka dadi Gathotkaca lan
perang tandhing maneh karo Naga Percona, Gathotkaca bisa nyuwek cangkeme Naga
Percona nganti mati sekaligus dadi awal kepahlawanane Gathotkaca putra Bima.