Senin, 05 Januari 2015



Oleh : evi yuli astuti
sinopsis novel Ser ! Rondho Cocak

 
Ser ! ser ! plong !
Amrik lungguh wonten ing kursi nomer 13-B. Wonten ing sedaya papan lungguh penuh nanging nomer 13 kosong. Dheweke diapit tiyang jaler kalih.
“ Lega, atiku!” sanjangipun Amrik kaliyan masang sabuk pengaman.
“ Sajake, kok mempeng, mbak?” sanjangipun tiyang jaler ingkang lungguh wonten ing 13-C.
“ Iya, jé. Kudune wis tekan Sukarno-Hatta jam setunggal wau. Nitih JAL nanging dipun delayed.
“Saka ngendi, mbak ?”
“ Narita, Tokyo.”
“ Ngapa? Kerja nang kana?”
“Gak”
Banjur Amrik nyapa tiyang jaler setunggalipun ingkang lungguh wonten ing sisih tengené.
“Kowe saka ngendi, Mas?”
“Amsterdam. Saka budhale montor mabur menika.
*
Wangi mudhun wonten ing Terminal II, dheweke langsung menyang Gate F. Wangi menyang bandhara amarga dheweke badhe njemput Patut. Patut nitih Garuda saking Negara Walanda. Patut dikengken wangsul menyang Jakarta amargi angsal email saking ibune, dikandhani yen bocah wadon sing jenenge Wangi Lestari sampun kepanggih.
Saderenge Wangi ningali papan pengumuman tekane pesawat, Wangi ngetokake potret saka tase. Potret sakartu pos fotone Patut. Foto menika diparingi Ibu Saridewi. Ditonton fotone. Diapalake rupane. Dipadhakake karo wong sing mengo mudhun saking pesawat.
“Bruk ! Adhuh !” Wangi tiba.
“Oh, ngapunten Mbak. Aku wau boten ningali kana-kene.
Wangi ditulung. Arep muring, Wangi boten sios amarga dheweke ngrasa sing salah.  Wangi banjur ngadeg lan ngobrol kaliyan tiyang ingkang nabrak Wangi.
“Tenan, orapapa, ya?”
“Tenan. Orapapa, kok. Nanging bokonge rada kantep,” ujar Wangi aliyan ngelus bokong.
“Iki kersane badhe menapa, ta? Badhe mapag, ya?”
“ Inggih, nanging, embulah” Kula badhe mapag nanging satemene boten mapag.  Nanging pengin ningali, amargi dereng kepanggih kaliyan tiyang ingkang badhe tak papag.
Tiyang jaler wau nggih badhe mapag wonten ing bandhara, nanging sampun 3 jam dereng dugi-dugi. Wangi taksih ing bandhara kaliyan tiyang jaler wau. Tiyang jaler wau ngajak kenalan marang Wangi.
“Heh, kene jenengmu sopo? Kula Linuwih.”
“Wangi. Wangi Lestari.”
*
Amrik kaliyan Patut mudhun saking pesawat, lan mlampah mundhut barang-barang ingkang dibekto Patut kaliyan Wangi. Patut kaliyan Wangi ngobrol wonten ing sepanjang jalan bandhara.
“Mbak, engko kondure menyang pundi ?”
‘Heh, kados pundi mas ?” Amrik mendha langkahe, nyedhakake kuping.
“Daleme ngendi, ta?”
“Kebon Nanas.”
Banjur Patut ngajak kenalan Amrik, nanging Amrik nyebutake asamane Yuni Shara.
Wangi boten kepanggih kaliyan Patut kanthi penumpang garuda sampun asat. Wangi kepengin sanget kepanggih kaliyan Patut Rahaja , lanang ingkang dipungadhang-gadhang dados calon bojone.
Linuwih boten kepanggih kaliyan Amrik ingkang badhe dipapag. Banjur linuwih kaliyan Wangi wangsul sareng. Wangi dipun ajak marang tempatipun Linuwih. Linuwih gadhah sanggar tari jenenge studio Joget Innamorata Dancer. Wangi carios kaliyan Linuwih tentang Patut ingkang remen sanget kaliyan joget. Patut saged joget jawa kaliyan joget modern kaya dancer. Wangi nyuwun pirsa kaliyan Linuwih tentang joget, supados menawi Patut cariyos babagan tarian Wangi saged mangsuli.  Tekan tempat jogete Linuwih, Linuwih dipuntakeni kaliyan murid jogete sing liyane, amargi boten wangsul kaliyan Amrik nanging kaliyan Wangi.
Amrik banjur wangsul kaliyan Patut ngagem taksi. Patut nuruti wangsule Amrik rumiyin banjur dheweke wangsul wonten ing dalemipun piyambekan.
“Bener iki ya, Mbak, daleme? Aku kapan-kapan oleh dolan mrene?”
“Ndolani sapa?”
“Ya, ndolani Mbak.”
“O, aku senen-jumat tansah ribet wonten ing kantor.”
Banjur Patut wangsul piyambekan. Patut kasmaran kaliyan Amrik wau ingkang ngaku jenenge Yuni Shara. Patut ngarepake mugi-mugi saged kepanggih malih kaliyan Amrik.
Ing Jatirata, omahe Patut kaliyan Wangi jejeran. Omah-omah dhines pabrik gula. Patut menika putranipun Pak Sastrarahaja, administrator pabrik. Menawi Wangi menika putrinipun Pak Darmaka, babagan tata buku pabrik.
Patut kepanggih kaliyan Wangi. Patut cariyos jaman SD kaliyan Wangi sering dipasangaken kangge nari dening gurune, nanging Wangi boten kemutan sakabehe. Patut cariyos dheweke sering adhus-adhusan wonten kali wingking pabrik kaliyan Wangi nanging Wangi boten eling malih.
*
Linuwih saweg latian joget amargi badhe wonten pertunjukan dancer. Wangi wonten ing sanggar jogete linuwih ningali linuwih saweg latian. Boten lami, Amrik dugi wonten sanggar tarine Linuwih, amargi Amrik kaliyan Linuwih badhe tari dansa bareng. Wangi cemburu kaliyan Amrik. Banjur Patut menyang sanggar tarine Linuwih nanging Patut boten mlebet, amargi Wangi sampun medal piyambekan. Wangi ngejak Patut ningali pertunjukan tari wau, amarga Wangi ngertos Patut menika remen kaliyan tari-tarian, boten tari jawa mawon nanging tari modern juga. Linuwih madosi Wangi amargi Wangi medhal boten ijin kaliyan Linuwih. Wangi cemburu kaliyan Amrik. Liuwih nyuwun pirsa kaliyan satpam , menapa dheweke kepanggih kaliyan Wangi menapa boten. Banjur Wangi wangsul malih wonten ing sanggar tarine Linuwih. Amrik taksih wonten ing sanggar.
Esuke pertunjukan tari wau dipunwiwiti. Linuwih kaliyan Amrik siap-siap wonten ing mburi panggung. Wangi kaliyan Patut mirsani pertunjukan tari. Banjur Patut kaget , ingkang dados pasangan tarine Linuwih menika Yuni Shara, tiyang ingkang ketemu wonten ing bandhara. Wangi cemburu mirsani Linuwih kaliyan Amrik joget. Banjur adicara menika, Wangi kaliyan Patut nyedhaki Linuwih kaliyan Amrik. Banjur Amrik kaget kepanggih kaliyan Patut. Banjur Amrik diajak Patut dance. Wangi cemburu lan medhal saking panggonan wau, Linuwih ngejar lungane Wangi. Wangi kecandhak lan dipaksa kaliyan Linuwih mlebet malih, amarga Linuwih tresna marang Wangi sanes Amrik. Banjur tiyang sekawan wau kumpul sarengan. Patut ngertos Amrik menika jeneng asline Wangi Lestari, banjur Wangi Lestari menika jeneng asline Wungu. Linuwih ngumumake marang sakabehe bakal nglamar Wungu dados garwane. Patut lan Wangi Lestari inggih menika dados pasangan. Wungu kaliyan Linuwih , Patut kaliyan Wangi Lestari menyang marang griyanipun Patut, badhe nyuwun ngapunten kaliyan ibunipun Patut Amargi Wungu sampun goroh kaliyan ibunipun Patut. Wangi Lestari sanjang aliyan Ibu Saridewi. “Ibu, kula ngaturaken sembah sungkem. Nami kula Wangi Lestari, putrinipun Bapak-Ibu Darmaka, pegawe Pabrikn Gendhis Jatirata, rumiyin tanggi Panjenengan.” Banjur disusul Wungu. “Kula nuwun, Ibu. Kula ngaturaken sembah pangabekti. Sesampunipun menika kula ugi nyuwun gunging pangaksama, margi sampun kumawantun marang Panjenenganipun Ibu mawi name Wangi Lestari. Menika ugi anggenipun Ibu Darmaka karaya-raya kapurih madosi tiyang estri ingkang naminipun Wangi Lestari badhe kadhaupaken kaliyan Mas Patut Raharja, amargi Mas Patut Raharja ngantos dados jaka tuwa mboten kersa mendhet garwa menawi mboten kaliyan Wangi Lestari. Kula dipundadosaken tumbal. Kula menika kepenakanipun Pakdhe Darmaka ing Pabrik Gendhis Jatirata, bapak kula asma Darmaya, pegawe pabrik ing Sebaung Probolinggo.” Banjur ibu Saridewi sampun mangertos sekabehe, Ibu Saridewi sampun boten jengkel kaliyan sedoyo. Ibu Saridewi remen sanget amarga putranipun yaiku Patut sampun gadhah calon garwa, inggih menika Wangi Lestari, kanca alite Patut. Linuwih ugi sampun gadhah calon garwa inggih menika Wungu.

RESENSI NOVEL KIRTI NJUNJUNG DRAJAT




1.IDENTITAS NOVEL
Judul                           : Kirti Njunjung Drajat
Penulis                         : Raden Tumenggung Jasawidagda
Penerbit                       : PT Kiblat Buku Utama
Tahun terbit, terkait    : Cithakan kaping siji, Bale Pustaka, 1924
                                      Cithakan kaping loro, Kiblat Buku Utama, 2012                
Tebal                           :108 kaca
ISBN                           : 978-979-8002-07-06
Dimensi                       :14,5 cm x 20,5 cm
Jenis kertas                  : HVS

2. SINOPSIS
Kirti njunjung drajat menika novel ingkang nyaritakake kedadeyan wigati kang faktual tumrap masyarakat jawa ing jamane. Utamane yaiku Darba bisa dadi gegambarane  “uwong” jawa kang mengkone dibutuhake dening jaman kang arep tumeka, yaiku jaman merdhika lan luwih maju.
Darba yaiku jejaka watawis umur 18 taun taksih magang dados abdidalem. Kahanane Darba lan Bapake namanipun Ki Mas Nayapada ana ing sepur jurusan Semarang – Yogyakarta kepanggih kaliyan Mas Bei Mangunripta lajeng aruh-aruh piyambakipun wicanten kaliyan Ki Mas Nayapada “dhateng pundi mas?” Ki mas naya padha mangsuli menawi piyambakipun badhe dhateng panggenanipun Demang Karyabau. Boten dipunsengaja Mas Bei inggi badhe dhateng mrika. Wonten ing sepur Darba kaget amargi pirsa Mas Bei Mangunripta menika priyai nanging tindak tandhukipun boten sami kalian priyai. Mas Bei menika sombong kabukti nalika wonten tiyang ingkang butuh lenggahan ing gerbong piyambakipun namun kendel lan nalika ngajak wicanten kaliyan Darba swantenipun ketingal sombong.
Darba dugi wonten griyanipun Mas Demang Karyabau wonteng mrika wonten pajagongan nalika wanci ngajengaken jam pitu, ing pandhapi sampun kathah tamu, sadaya sami rasukan cemeng, wonten ingkang dhestaran, wonten ingkang makuthan. Anggenipun damel mantu Mas Demang Karyabau ageng-agengan sayektos, amargi kejawi saweg sapisan,calon mantunipun punika Raden Mas Uger-uger, putra kapenakanipun Bupati Patuh. Punapadene  ingkang Bupati ugi badhe ngrawuhi. Darba dipunkengken ngetokake wedang kaliyan dipun peseni menawi pundi kemawon ingkang dipuncawisi jenising cangkir inggih menika benten-benten. Mas Demang Karyabau dheleg-dheleg gela manahipun awit tampi pawartos bilik ingkang Bupati boten saget rawuh, jalaran gerah. Sapunika ingkang kaajeng-ajeng dados panungguling tamu kantun ingkang Panewu Dhistrik. Saweg dheleg-dheleg mekaten kaget, mas demang dipun jawil dening Mantri Onder Dhistrik. Mantri Onder dipunsumanggaaken pinarak. Mas Bei pirsa menawi Mantri onder dipun urmati lajeng Mas Bau gadhah rasa ewa ing manah. Wewah-wewah lajeng sumrep Ondheripun dipun ladosi wedang mawi cangkir tutup tatakan, ing batos wewah muring-muring. Wonten ing pajagongan Mantri Onder beksan, pirsa Mantri Onder beksan Mas Bei namung kendel kaliyan ngombe, lajeng Darba ngalungake sampur ing Mas Bei ancasipun supados Mas Bei purun beksan. Mas Bei beksan inggih setenggah sadar amargi sampun kathah ngombe. Mas Bei  ngajak Mantri Onder ngombe nanging Mantri Onder nyampluk gelase lan nyiprat datheng rainipun Mas Bei, piyambakipun nepsu.

Darba lulus pendidikan angka 1 ing Bathangan tahun Belanda 1899. Darba mikir jero  utamane ngenani pangaji-aji kang didarbeni priyayi, kang ora didarbeni dening priyayi, upamane sudagar, tani, lan tukang. Miturut nalare Darba, ajineng uwong iku dumunung marang pagaweyan lan kepinterane kang sabanjure banjur ndunungake pakerti yen para sudagar, tani, lan tukang gelem sinau, ora serta gelem srawung jembar, uga bakal dhuwur ajine lan akeh duwite. Embokipipun Darba inggih nggengken darba nyobi nulis-nulis serat lan dipun kirim wonen serat kabar.

Saben enjing pangkatipun Darba sowan dhateng kantor mesthi mampir dhateng dalemipun Den Bei Prajasusastra. Kejawi taksih sanak kaliyan biyungipun, Den Bei priyantun nemneman bregas, misuwur ahli dateng kasusastran, punapa dene sugih pangertosan. Nalika Darba sowan dhateng griyanipun Den Bei, panenenganipun nembe rerembagan kaliyan Bendara Panji Puspawicara, Darba inggih lajeng tumut nggatosaken dening ngendikanipun priyantun kekalih wau. Darba inggih saget mangsuli babagan menawi priyantun kekalih wau mboten nemu kesimpulanipu. Darba kepengin maos serat kabar Den Bei Prajasusastra lajeng Darba dipun ijini maos kaliyan Den Bei. Darba remen sanget maos serat kabar  Darba lajeng nulis pirang-pirang karangan lan dikirimake ing redaksi serat kabar. Karanganipun Darba dimuat wonten ing serat kabar. Darba angsal sesebutan sang moncer ing budi Jaka Wiyadi. Wonten malih ingkang nyebut Sang Wiyana Jaka Wiyadi.

Darba dipindah tugase wonten ing Klaten, wonten ing dusun menika wonten pabrik gula gadhaipun tiyang landa. Tiyangipun radi kejem kabukten dening wonten bocah alit namanipun Dalil kaliyan Jayus nyolong tebu ing kebone ugi diukum raine dipun leleti tir.
Ing wanci sonten darba adus dhateng lepen, mantukipun sampun meh serap, lampahipun turut gelanganing sabin. Bonten antawis dangu Darba miring swara gumrubyang wonten ing margi, sareng dipun tingali, wonten walandi dhawah anggenipun numpak pit, badhe tangi kangelan, bokmanawa kesliyo sukunipun ingkang ndadosaken tumratabing manahipun Darba, dene sacelakipun Walandi wau wonten sinyo alit kumurep, seta sukunipun sumampir tembinging magri, meh kemawon dhawah ing lepen. Darba enggal amlajengi, sinyo wau kajunjung. Siti ingkang nggupaki rai dipun usapi. Dene Walandi wau taksih kerekelan anggenipun badhe ngadeg. Sareng sampun saged ngadek sayektos, lanjeng murugi Darba, khanti ngulungi arta sarupiyah, sarta badhe mbopong sinyo ingkang taksih dipunbopong dening Darba. Darba nampik dhateng paweweh menika, wicantenipun alus, “Tuwan, sampun dados penggalih, kula boten alap epah,aluwung menawi kepareng sinyonipun kula gendhong panjenengan nuntun pit. Mangga kula dherekaken dhateng pabrik.”  Piyambakipun sami taken tinaken. Sanes dinten darba sowan dateng griyane tuwan masinis ancasipun badhe gladhen basa landa. Ora mung gladhen Darba uga purun reresik, nata-nata gambar menika ndadosaken saya rumaketipun tuwan masinis, Darba remen mirsani prabot-praboting pit , wewah-wewah mawi dipun genah-genahaken dening tuwanipun. Darba dipun takoni dening tuwan masinis “wis pirang taun anggone magang?” Darba nyauri “sampun nem tahun.” Tuwan masinis gumun wicantenipun wis nem tahun kok arep ditinggal. Darba boten remen dados priyantun.
Darba  dipun ajak dening tuwan masinis kerja dhateng Semarang kerja ing pabrik wesi Lin deTeves lajeng  Darba ngirim serat dhateng tiyang sepuhipun enggal tiyang sepuhipun ngeterake Darba marang Stasiun Balapan. Wonten ing Semarang Darba ngasta ing Pabrik Sepeda Tropikal Semarang, Darba anggsal jabatan ingkang inggil. Darba gadhah kathah pelanggan kados ta tiyang Belanda, Cina, lan Jawa. Saking pakerjaanipun Darba saget nyimpen arta kathah. Lajeng Darba krama kaliyan putranipun mandor Lin deTeves, gadhah putra kakung cacahahipun wonten kalih. Sampun dangu Darba gesang wonten Semarang piyampakipun ngraos kangen kaliyan tiyang sepuhipun, lajeng ngajak garwa kaliyan putanipun wangsul wonten Surakarta.
Surakarta 1912 Darba pindah ing Surakarta malih, wonten mrika Darba bikak bengkel sepeda. Kagiatanipun amung mekaten kaliyan ngeteraken anakipun jaler kekalih, sami sekolah walandi dhateng loji weta. Tetangganipun sami pangkling kaliyan Darba amargi piyambakpun dandan cara walandi, pawakane gagah. Tetangga padha bingung mawi menika Darba kok purun kerja mbengkel pit, kedahe dados priyantun.
Darba mlebet dados anggota Boedi Oetomo. Wonten ing parepatan menehi sesorah babagan pitukangan, Darba dados sumber tanya jawab lajeng Darba dipun angkat dados pangreh ing boedi oetomo. Darba damel bungah kaluarganipun, deweke saget mbuktekake marang emboke menawi tiyang sukses menika boten namung saking dados priyayi. Darba dados tuladha ingkang sae kanggo para kadang muda.
Let sewulan marasepuhipun darba tilar donya, jalaran sakit influenza, let sewetawis dinten malih Darba kacandhak nandang sakit ngrekaos, madal sakatahing jampi. Pancen Gusti Allah saweg adamel lelampahan Darba pinudhut ing Pangeran. Nalika panguburipun, kathah sanget ingkang sami nglayad: para leluhur, Walandi, Cina, priyantun saha mitra sanesipun prasasat tanpa wicalan, adamel agengipun manahipun Bok Nayapada sakaang kaluwarganipun, saha dados panglipur sawetawis ing atasipun tiyang kapegatan tresna. Sanes dinten wonten utusaning pakempalan manggihi Bok Darba, taken punapa perlu ngangge pitulungan arta wragad kangge nglajengaken pasinaoning anakipun. Bok Darba nampik kanthi panuwun, amargi kejawi taksih gadhah tilaran arta,  Darba rumiyin nanggelaken jiwa dhateng O.L.Mij Bumiputera, khatahipun 5000 rupiyah, malah artanipun sampun dipuntampeni. Eman sanget dene padamelanipun Darba punika boten wonten ingkang nglajengaken, bok manawi benjing anakipun ingkang sinau wonten ing Surabaya.

3. UNSUR INTRINSIK NOVEL
Tema
Keteguhan atinipun darba babagan keprabon ingkang sanes sakin kapriyayi nanging kamangka sakit kapinteran kalian usahanipun.
Latar Belakang
Kirti njunjung drajat menika novel ingkang nyaritakake kedadeyan wigati kang faktual tumrap masyarakat jawa ing jamane. Utamane yaiku Darba bisa dadi gegambarane  “uwong” jawa kang mengkone dibutuhake dening jaman kang arep tumeka, yaiku jaman merdhika lan luwih maju.

Waktu
Enjing
Bukti : Ing saben enjing pangkatipun Darba sowan dhateng kantor mesthi mampir dhateng dalemipun Den Bei Prajasusastra. Kaca (35)
Sonten
Bukti : ing wanci sonten Darba adus dhateng lepen, mantukipun sampun meh serap, lampahipun turut galenganing sabin. Kaca (53)
Suasana
-          Bungah
Bukti: ing ngriku Darba dipun tampeni kaliyan reraning manah, malah lajengdipun sambuti serat kabar Malayu: slompret malayu wedalan semarang,... kaca  (42)
-          Emosi
Bukti: ing ngriku lajeng dipun tamplek. Janeweripun mawut nyiprat dhateng rainipun Mas Bei Mangunripta. Mas bei nepsu, wicantenipun kemruwuk. Kaca (28)
-          Sedih 
Bukti: pancen Gusti Allah saweg adamel lelampahan Darba pinundhut ing pangeran. Kaca (106)
Alur
Aluripun novel Kirti Njunjung Drajat inggih menika alur maju amargi peristiwa ing novel menika dipun jlentrehaken mawi runtut saking awal ngantos pungkasan.
Gaya bahasa
Krama inggil : “Nun, kula dherekaken Raden Ngabei prajasusastra.” kaca (14)
Ngoko : “wis pirang taun le olehmu magang ?” kaca (14)
Amanat
Hubungan manungsa kaliyan badanipun piambak
“Sajatosipun kula gadhah manah boten remen dhateng kapriyantunan, namung badhe nyambut damel punapa, punika ingkang taksih peteng.” Kaca(56)
Hubungan manungsa manungsa kaliyan lingkunganipun.
“Tepangipun Darba sae sanget, manawi dhateng griyanipun Tuwan Masinis boten kados tamu …” kaca (55)
Hubungan manungsa kaliyan gusti Allah
“…Mulane, Dhi, saya mantep panuwunmu marang Gusti kang Agung, bisaa lestari sapandhuwure.” Kaca (100)

Penokohan
Darba, protagonis
Bukti :  Darba enggal amlajeng,sinyo wau kajunjung, ... kula mboten ngalap epah aluwung menawi kepareng, sinyo punika kula gendhong.” Kaca (54)
Ki Mas Nayapada, peduli
Bukti : Tujunipun Darba kerep kaajak kekesahan bapakipun, punika radi miyaraken tebaning pikiran, kasembuh Darba landhep ing budi, sabarang lelampahan dipun gagas-gagas, dipunpadosi nalar-nalaripun, wekasan dipun titeni.kaca (29)
Mbok Nayapada, gampang kuwatir
Bukti : “Sababe apa, ayake sumelang nek reged, utawa panulismu sembrana. Rak ya ajar resikan, ngati-ati, lan stiti.” Kaca (32)
Embokipun nyambeti kaliyan pasemon pangerang-erang saha boten rila, “Apa arep dadi menjait?”kaca (32)
Mas Bei Mangunripta ora gelem ngalah lan emosinan
Bukti : Dene bangku sanesipun meh nyekawan sadaya, namung palinggihanipun Mas Bei Mangunripta, punika dipunlinggihi ijen, amargi patrapipun linggih mujur ngebaki papan, selanipun ing pinggir dipun dekeki buntelan. Tetiyang dhusun sami ajrih ngesuk Mas Bei Mangunripta, dipun pilalah sami ngadeg, awit sumerep manawi punika priyantun. Kaca (15)
“...Heh, apa ora weruh yen aku priyayi.” Kaca (16)

Mas Demang Karyabau, purun ngakoni keluputan
Bukti : Kejawi punika Mas Demang mawi pratela manawi wonten lepatipun ing tindak, nyuwun pangapunten. Kaca(25)

Den Bei Prajasusastra, sae manahipun
Bukti : “Darba, nek pinuju nganggur ngono kuwi bok kowe maca-maca, supaya mundhak jembar kawruhmu. Layang kabar kuwi kena kokwaca.” Kaca (37)

Tuan Sinder Pabrik / Tuan Masinis, sae manahipun, peduli
Bukti : “Tumraping bangsaku pancen ora patia mikir marang kepriyayen iku, sing perlu nyambutgawe blanjane patut lan ora kakehan rewel. Kaya upamane awakku, sing takngengeri iku pagawean, lire sing duwe pabrik, aku sing nglakoni kanthi diblanja. Tuwan Setatir sing lumrahe diarani tuwan gedhe, iku lurahe, iku kancaku. Takarani lurah, marga ngawat-awati enggonku nyambutgawe, bokmanawa aku sembrana. Takarani kanca, marga padhadene golek pangan blanja sing duwe pabrik. Dadi aku yen wis tumindak bener, wayahe mesin lumaku, iya wis lumaku, piranti-pirantine resik ora pating bacecer, tuwane setatir lan sing duwe pabrik arep apa maneh; aku kena sasenengku.” Kaca (57)
“Kepriye kabare awakmu, Darba?” kaca (56)

Sudut pandang
Sudut pandang orang ketiga amargi katingal saking panyebuting nama darba ing novel.
Bukti : “… Jejaka watawis umur 18 taun anama pun Darba,” kaca (12)

4. KELEBIHAN NOVEL
·         Nadjan isine mung 108 lembar nanging isine wis  jangkep kanggo nggambarake kahane Darba
·         Novel Kirti Njunjung Drajat yaiku novel realis bisa dadi dokumen sejarah lan alam pikiran dalah budaya jawa mangsa samana
·         Ngajarake unggah ungguh marang wong sing luwih tuwa
·         Ngajarake perjuangan urip saka ngisor nganti dadi wong sukses
·         Nggambarake wong jawa kang mengkone dibutuhake dening jaman kang arep tumeka yaiku jaman modern
5. KEKURANGAN NOVEL
·         Tembung-tembung kang digunakake kalebu tembung kang langka dirungokake
·         Kanggo Mahasiswa semester awalan kelubu novel sing angel dipahami
6. SARAN UNTUK NOVEL ATAU MANFAAT ISI NOVEL
·         Bisa mangerti kahanan sadurunge kamardhikan
·         Bisa tambah mangerti tembung-tembung krama
·         Bisa mangerti cara sukses sing ora saka amung kudu dadi priyayi
·         Ngajarake unggah-ungguh marang wong sing luwih tuwa