Minggu, 14 Desember 2014

PROSESI NGIJING

PROSESI NGIJING: Salah siji  adat Jawa Ngijing,  ning pasareyan Lojajar, 
Ngaglik, Sleman,

 
Kebudayaan Jawa ngrupakne salah siji unsur kebudayaan nasional sing nduweni fundamental sing kuwat banget ning masyarakat, khususe  masyarakat Jawa lan masyarakat Indonesia umumme. Amarga suku Jawa ngrupakne suku sing paling gedhe neng Indonesia, dadine budaya Jawa ning perkembanganne nduweni daya dukung sing luwih dhuwur.
Kebudayaan Jawa bisa diomongke dadi salah siji tiang kebudayaan nasional. Disadari utawa ora, sistem nilai sing berlaku ning masyarakat, akeh didominasi saka nilai  moral ing  kebudayaan Jawa, dadine upadi nglestarikan budaya Jawa dilakoke nganggo berbagai cara supaya  ora ditinggalake karo masyarakat Jawa dhewe.
Ning sejarahe, perkembangan kebudayaan  masyarakat Jawa ngalami akulturasi karo macem-macem bentuk kultur sing ono. Merga seko kuwi corak lan bentuke
diwarnai karo  macem-macem unsur budaya sing  beda-beda.
Setiap masyarakat Jawa duweni kebudayaan sing beda. Amergo kahanan  kondisi sosial budaya masyarakat siji lan sinjine beda. Salah siji unsur budaya Jawa sing paling menonjol yaiku adat istiadat utawa tradisi kejawen.
Hasil pamikiran, cipta lan karya manusia ngrupakne  kebudayaan sing berkembang nang masyarakat, pikiran lan perbuatan sing dilakuke karo manusia secara terus-terusan  nang akhire dadi siji tradisi. Tradisi ngrupakne  proses situasi kemasyarakatan sing ning jero unsur-unsur saka warisan kebudayaan lan dipindahkan ska  generasi ke generasi. Ning kalangan masyarakat Jawa ana pangandel anane hubungan sing becik banget antara manusia lan sing gaib. Sarehdene kuwi butuh dilakoke macem-macem ritual sakral. Geertz nuturke menawa hubungan manusia karo sing gaib jero dimensi kuripan klebu cabang kebudayaan.
           Kaya sing isih
dianakne karo masyarakatJawa yakni ning dusun Ngentak ,Sinduharjo, Ngaglik Sleman Yogyakarta, dekne kabeh nganaake upacara tradisi Ngijing nang Upacara Selametan Nyewu. Tradisi iki ngrupakne implementasi pangandel dekne kabeh arep anane hubungan sing becik antara manusia karo sing gaib. Tradisi iki wis suwe ana bahkan tekan sakiki isih tetap dilakoke. Tradisi Ngijing ngrupakne salah siji jenis kebudayaan lokal tradisional wong Jawa. Karo mangkana tradisi Ngijing bisa diklasifikasikan dadi kebudayaan Jawa.
           Ngijing asale saka tembung kijing (nisan), lagekne ngijing artine masang kijing (nisan). Tradisi Ngijing pas upacara Selametan Nyewu ngrupakne salah siji bentuk upacara tradisi sing diwariske leluhur. Upacara kuwi dianakne ning pasareyan sapanggon.
Pelaksanaan tradisi Ngijing iki ngrupakne simbol ketaatan karo tradisi leluhur dadi panerus tradisi sing tau ono. 
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar