BAB I
PENDAHULAN
1.1 Latar Belakang
Tlatah jawa inggih menika salah satunggaling suku ing Indonesia. Ing
tlatah jawi menika wonten jawa tengah, jawa barat kaliyan jawa timur. Saben
daerah anggadhahi budaya lan tradhisi ingkang benten-benten. Salah satunggaling
tradhisi ing kutha Kebumen Desa Madureso Kecamatan warasan.
Kathah tdadhidsi ing kutha kebumen
nanging kawigatosanipun kula katarik kaliyan adicara kerigan. Adicara menika
ngandhut kathah pranata sosial. Pranata social inggih menika minangka system tata kelakuan kangge sedaya kegiatan wonten
masyarakat kangge netepi kabetahan kompleks lan khusus wonten masyarakat.
Nilai-nilai pranata social menika benten-benten wonten ekonomi, agama, pendhidhikan,
lan keluwarga.
1.2 Rumusan Masalah
1. Kados pundi prosesi
adicara karigan ing Desa Madureso Kecamatan warasan ?
2. Pranata punapa kemawon
ingkah wonting ing adicara karigan ?
1.3 Tujuan
1. Mangertosi prosesi adicara
karigan ing Desa Madureso Kecamatan warasan
2. Mangertosi punapa kemawon
ingkah wonting ing adicara karigan.
BAB II
PEMBAHASAN
2.1 Deskripsi adicara
karigan
A. Deskripsi Desa
Desa madureso menika salah
satunggaling desa wonten Kecamatan Kuwarasan , Kabupaten Kebumen , propinsi
jawa tengah. Nama madureso menika saking “madu” tegesipun manis , lan “reso”
inggih reksa tegesipun njaga. Dados madureso tegesipun inggih menika njaga
kaharmonisan. Desa maduresa menika gabungan saking cesa pangkalan lan desa
pasanggrahan. Sejarahipun inngih menika , desa pangkalan dipunjumenengaken
dening tumenggung singa patra , tumenggung patra singa , nyai kopek, lan jenal
nyali. Menawi desa pasanggrahan dening tumenggung suta wirya, tumenggung
antawirya lan tumenggung karma jati. Dados nalika Desa pangkalan dipunpimmpin
dening H.nawawi, khanti musyawarah pungkasanipun desa menika gampil dipunpadosi
amargi, anamung kiran langkung 7 km saking margi ageng jalur mudik selatan ,
yos soedarso kathah ingkang dados petani, pedangan, buruh pabrikwonten
perantauan, lajeng dados guru lan aparat desa. Desa Madureso anggadhahi sekawan
dhukuh inggih menika dhukuh gayangan, Dhukhuh Pangkalan, Dhukuh Pasanggrahan,
Dhukuh Karangsari.
B. Tradisi
Miturut pangandikanipun
Bapak yatin minangka lurah Desa Maduresa sampun mojur kanthi nama Desa santri.
Kathah adicara lan tradhisi ingkang anggadhahi gegayutan kaliyan agama, mliginipun ilam. Dados , kados
ta tradisi karigan ugi wonten gegayutanipun kaliyan agama. Menawi wonten papan
sanes kerigan sami kaliyan sadranan.
a. Waktu
Adicara karigan dipunkatindakaken wonten sasi ruwah lan saderengipun sasi
sura
b. Rantaman Adicara
Adicara mnika saderengipun dipunwontenaken adicara
kados sholat jumat lan adicara ingkang wonten kathah tiyang ingkang sami
kempal.
Saderengipun adicara menika, para tokoh desa sampun
musyawarah. Para tokoh desa menika ngrembag punapa kemawon kabetahan. Salah
satunggaling kabetahan ingkang wigati sanget inggih menika tumpeng. Saking
musyawarah menika para tokoh masyarakat nemtukaken sinten ingkang badhe ndamel
tumpeng. Padananipun anamung giliran utawa sumbangan saking kaluwarga desa.
Boten wonten gegayutanipun kaliyan
punapa kemawon.
Adicara kerigan biyasanipun dipuntindhakaken wonten
dinten libur. Utawa ahad. Amargi kathah tiyang ingkang sagedNderek adicara
menika. Rantamaning adicara enika kados mekaten.
1. Salah satunggaling tiyang
nabuh kentongan kangge ngempalaken warga padatanipun saben RT .
2. Para warga sami kempal
wonten dalemipun pak RT utawa papan ingkang dados kasepakatan. Saben
sakaluwarga paring wakilipun setunggal kanthi mbekta ubarampe kados ta pacul,
gaman, lan sakpanunggale.
3. Menawi sampun kempal, lan
cekap. Para warga budhal sesarengan wontenn pesareyan. Dhukuh Guyangan lan
Pangkalan ngaler inggih menika pasareyanipun Dhukuh kalih menika. Lajeng,
dhukuh pasannggrahan lan karangsari
mengidul wonten pasareyanipun dhkuh kekalih menika.
4. Menawi sampun dugi, para
warga nengga dhawuhipun aparat desa, sampun saged ipun wiwiti punapa dereng.
Padatanipun para warga ngresiki pasareyanipun leluhur sowing-sowang
5. Tumpengipun menika dipunpundhut
menawi adicara menika badhe bubaran. Tumpengipun padatanipun wonting werni-werni
kados ta tumpeng biasa (sega, jangan oseng-oseng mi, krupuk), tumpeng bosok
(sega, jangan gesek campur tempe pedes)
6. Menawi sampun pungkasan
anggenipun ngresiki wau, kyai utawa tokoh agama mimpin donga nyuwuun keslametan
kaliyan Gusti Allah Swt. Kangge leluhuripun lan para warga ingkang taksih
gesang menika.
7. Menawi sampun sedaya,
tumpeng nembe angsal dipun bikak lan dipunbagi-bagi. Lajeng para warga sami
bibar piyambak-piyambak.
C. Peraturan Karigan
1. Saben sakaluwarga kedah
paring wakil setunggal utawa langkung prayogi.
2. Nalika wonten pasareyan
boten pareng lungguh wonten kijing.
3. Nalika badhe mlebet
pasareyan kedhah maos donga.
4. Kedhah anteng pikiranipun.
2.2 Telaah Pranata
Saking adicara wau, anggadhahi
pinten-pinten piwucalan, inggih punika pranata sosial. Pranata sosial menika
kaperang dados pinten-pinten bidang. Pranata sosial menika wonten bidang:
a. Kabetahan kaluwarga
(kekerabatan) ingkang kasebat Pranata Keluarga
b. Kabetahan Ekonomi, Pranata
Ekonomi
c. Kabetahan ilmiah, Pranata
Pendidikan
d. Kabetahan Rohani, Pranata
Agama
a) Pranata Kaluwarga
Saking aturan kerigan ingkang kasebut “Saben
sakaluwarga kedhah paring wakil setunggal utawa langkung prayogi, menika saged
kepundhut bilih saking keluwarga mesthi ngusahaken saged paring wakil. Menawi
radi susah, inggih dipunpeksa-peksa saged ndherek. Menawi bonten ndhrek
kaluwarga menika raosipun isin, ewuh, lan sanesipun.
b) Pranata Ekonomi
Pranata menika gegayutanipun kaliyan ingkang angsal
giliran damel tumpeng. Sanajan menawi ekonomi keluwargaipun radi susah inggih
tetep dipunkiyataken utawa dipunsaguhi. Menawi boten saged nepati, kaluwarga
menika raosipun isin. Dhawuh menika ugi kangge nguji kahormatanipun kaluwarga
menika. Dados, kaluwarga menika ngusahakaken nyaguhi kangge njaga kahormatan
lan martabat kaluwarga.
c) Pranata Pendidikan
Pranata menika saged kapundhut saking sedaya
rantamaning adicara. Inggih menika kita kedah njaga paseduluran kanthi ndherek
adicara menika. Lajeng, kita ugi kedhah bekti maring leluhur kita. Menawi boten
saged netepi kita mangke raos rugi lan isi, ugi dipunsindir dening warga.
d) Pranata Agama
Pranata agama menika menawi dipunpahami saking adicara
inggih kita menika gesang boten namung wonten donya. Dados, kanthi adicara
menika saged kanggee pepeling maring gesang wonten akhirat. Lajeng saking
adicara menika nindhakaken perintah agama inggih menika bhekti maring tiyang
ingkang sampun seda utawa leluhur kita sedaya. Adicara menika ugi realisasi
saking hablu minannas lan hablu minnalloh. Kita mundhut saking adicara donga
sabibaripun Kerigan.
Mekaten menika tradhisi Kerigan wonten Desa Medureso mugi manfangat.
Nuwun
BAB III
PENUTUP
3.1 Kesimpulan
Adicara Kerigan menika anggadahi katah piwucalan kangge generasi
salajengipun. Nilai-nilai kados nilai agama, ekonomi, lan sanesipun menika
awrat sanged kangge kita sedaya supados saged gesang wonten masyarakat.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar