Layang iku umumé arupa dluwang sing tinulisan
dikirimaké minangka gantiné rerembugan. Ananging layang uga bisa ateges buku
sing ngamot crita
lan sapanunggalané.
Warna-warnane layang:
- Layang biwara.
- Layang Iber-iber (Layang Kiriman).
- Layang Dhawuh.
- Layang Ulem.
- Layang Lelayu,
- Layang Pribadi lan sapanunggalané.
Perangané layang
1. Papan panggonan lan titi mangsa, mratélaké papan kutha lan titi wanci
panulisé layang.
2. Adangiyah (adawiyah). Mratélaké unggah-ungguhing basa paprenahé kang
kirim layang marang kang arep dikirimi layang, marang kanca sedulur sapantaran,
utawa marang kaprenah tuwa, umpamané pakdhé budhé.
3. Pambuka (bebuka). Karepe kanggo mbukak utawa miwiti layang. Ing padatan
anelakaké awèh atur kabar kaslametan
kasarasan
lan katentreman.
4. Isi (surasa basa). Mratélaké apa sajatiné isi layang.
5. Panutup (wasana basa). Panutup isi adaté pangajap , pangarep arep kang
ana gegayutan karo isi layang.
6. Titi mangsa (titi wanci).
7. Peprenahan. Paprenahan iki karepe katulis ing layang marang kang
dikirimi layang.
8. Tapak asma.
Adangiyah nelakake , unggah-ungguhing layang.
1. Taklim (ingkang taklim), marang sadulur tuwa, utawa menyang
sapadha-padha kang perlu diajeni.
2. Salam taklim, marang sedulur enom, utawa menyang sapepadhané.
3. Ingkang salam, marang sedulur enom kang perlu diajeni, amarga pangkaté
luwih dhuwur.
4. Ingkang pandonga, saka wong tuwa marang wong enom kang diajeni.
5. Ingkang Pandonga, saka wong tuwa marang anak putune dhewe utawa sing
karengkuh kaya anaké dhéwé. 6. Ingkang sembah, saka wong cilik marang para
luhur, nadyan pangkate padha. 7. Ingkang sembah sungkem, saka wong enom marang
sesepuh (simbah) utawa para luhur.
8. Ingkang sembah pangabekti, saka wong enom marang wong tuwané dhéwé,
umpamane : Bapak, Ibu, Simbah, wong wadon marang kakunge.
9. Ingkang pangabekti, marang wong tuwa kang diajeni (dibekteni),
umpamané : marang ipene kang kaprenah tuwa.
10. Sembah sujud, saka kawula marang Gustine Pamuji, umpamane :
karengga sagunging kaurmatan, Karengga sagunging pahargyan, kairing ing
sagunging kaurmatan, pudyarja, lan sapituruté. Iku kabeh, satemene mung
owah-owahan saka kang kasebut ing dhuwur mau. Amarga ana pakèwuhé anggoné arep
nandukaké unggah-ungguh.
Tuladha
Gatekna tuladha layang ing ngisor iki:
Salatiga, 10 januari 2009
Pangabekti kula Katur eyang kakung Wirga Martono ing margi sukarna hata 5
Sragen
Nuwun wiyosipun sareng serat menika ingkang wayah nyaosi pirsa, bilih
kawontenanipun ingkang wayah dalah bapak ibu ing Salatiga tansah ginanjar wilujeng .
mugi-mugi kasugenganipun eyang kakung sabrayat tansah mekatena ugi Kajawi
punika nyaosi pirsa, bilih paringan serat eyang sampun ingkang wayah tampi.
Ingkang wayah punapa dene bapakl ibu sami bungah dene eyang sampun kondur kanti
wilujeng Salajengipun nyaosi pirsa, bilih liburan mangke bapak ibu punapa dene
ingkang wayah badhé sowan éyang. Sokur saged sinambi ningali musium
Sangiran, dateng kraton Surakarta, ningali tetilaripun para raja.
Ing wasana cekap semanten aturipun ingkang wayah. Sedaya kalepataning atur
punapa dene kiranging, suba sila nyuwun pangapunten.
Ingkang wayah Sukartini
Margi Dipanegara angka 136
Tidak ada komentar:
Posting Komentar