Sabtu, 27 Desember 2014

TEDHAK SITEN



Slametan “Tedhak Siten” utawi upacara “Tedhak Siten” satuggaling warisan budaya tetilaranipun para pini sepuh, ingkang mengku werdi ingkang luhur, liripun kabudayan punika badhe dados lambang gesangipun lare ing tembe wikingipun. Dene Tedhak Siten punika dipun adani nalika lare sampun ndhungkap umur 7 wulan utawi pitung lapan. Dados lare sampun wiwit brangkangan, lan rambatan. Dene slametanipun lan uba rampenipun inggih punika:
1. Sekul megana ( apa-apa wis ana) , utawi sega gudhangan
2. Jadah 7 warni ( abang, putih, ireng, kuning, biru, jambon lan wungu )
3. toya kembang setaman
4. pasir utawi wedi
5. andha tebu arjuna (wulung )
6. teken tebu arjuna, lan pisang raja sarta ingkung
7. bokor isi uwos jene sarta arta ( sen, kelip, talen, rupiyah, ringgit,
8. raja brana / raja keputren
9. kurungan,
10. sawarnaning dolan lare, boten kantun kertas lan pontelot
Reroncening adicara :
1. Lare dipun tetah Rama ibunipun, wiwit ngidak pasir ( siti ) lajeng ngidak jadah ingkang maneka warni wau. Mligi ramanipun nalika nettah kaliyan nyepengi teken tebu arjuna. Dene werdinipun lare ngidak-idak pasir ( siti) satunggaling lambang bilih lare badhe miwiwiti gesang ing jagading lare, iingkang ngidak-idak jadah, lambing bilih gesanging lare badhe kalepetan kenging pengaruh saking dayaning kawontenan ingkang maneka warnining kados prlampitaning jadah ingkang dipun damel maneka warni punika.
Tiyang sepuh ngasta teken tebu arjuna, dados gambaran utawi lambing bilih jejering tiyang sepuh, ingkang dumugi tumusing manah murih saget dados tekening lare, murih saget katekan kajengipun
2. Salajengipun lare dipun penekaken andha tebu arjuna, werdinipun “menek tebu” punika dados gambaran bilih gesangipun lare boten nilar trap-trapaning gesang, utawi nglangkungi gesang ingkang tambah inggil
3. Salajengipun dipun linggihaken klasa pasir dipun lebetaken kurungan, ingkang ugi dipun cepaki maneka warni dolanan, lan boten kantun potelot lan buku, Dene kurungan utawi griya, werdinipun murih lare badhe gesang masarakat ingkang maneka warni kawontenanipun. Dolanan ingkang maneka warni punika. Werdinipun gambar satunggaling pepinginan llare, mila pangajabipun tiyang sepuh ing benjang sageda wicaksana.Dene dolanan ingkang maneka warni ingkang dipun pilih lare, liripun dados gambaran gesang lare ing tembe wiking .Mila upami lare mangke mendhet potlot werdinipun lare ing tembe badhe dados juru tulis/ carik lsp
4. Salajengipun lare dipun sirami toya kembang setaman. Werdinipun reresik, ingkang mengku pangajab dados tiyang ingkang bebudenioun resik sarta saget ngambar arum
5. Sarta dipun dandosi sabuk wala busana adapt lare. Werdinipun murih lare iung tembe tansah emut tata adat Jawi, utawi dados tiyang Jawi
6. Salajengipun dipun dalaken saking kurungunan , rama-ibunipun kanthi ngasta bokor ingkang isi arta lan wos jene, ingkang dipun wur-wuraken utawi dipun sebar kanthi mungel “kur… kur… kur ( kados yen babon ngudang kuthukipun) lare kanthi brangkangan badhe mendet ingkang ingkang dipun remeni.sakang dipun sebar punika. Mengku werdi kados ing ing nginggil, upami mendet arta antawisipun sen, dumugi ringgit dados lambing tataraning gesang ing tembe wiking.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar