Cublak-cublak suweng
iku sawijining tembang dolanan,
yaiku jinis tembang sing prasaja, biasa ditembangaké
déning bocah-bocah
cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo
kanca-kancané. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam,
lan sapanunggalané. Kadhang kala tembang dolanan uga ditembangaké déning
waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.
Cublak cublak suweng
Suwenge ting gelèntèr
Mambu ketundhung gudèl
Pak empong lera-léré
Sapa ngguyu ndelikkaké
Sir sir pong dhelé kopong
Sir sir pong dhelé kopong
Suwenge ting gelèntèr
Mambu ketundhung gudèl
Pak empong lera-léré
Sapa ngguyu ndelikkaké
Sir sir pong dhelé kopong
Sir sir pong dhelé kopong
Dolanan cublak-cublak suweng
Dolanan iki diarani cublak-cublak suweng amarga nalika dolanan sing
dicublek-cublek iku suweng. Dolanan iki biasa dianakaké wanci
soré utawa wengi nalika padhang bulan, ing èmpèran kang jembar. Dolanan
cublak-cublak suweng iki ora ngerti saka endi sangkané, nanging dolanan iki
misuwur banget ing provinsi Jawa Tengah.
Carané dolanan cublak-cublak suweng
Dolanan iki bisa dilakokake déning bocah 5 utawa 7,
biasané bocah umur 6-14 tahun. Dolanan iki bisa katindakake dening bocah lanang
utawa wadon. Sing diperlokake ing dolanan cublak-cublak suweng yaiku suweng, nanging yèn ora ana suweng isa diganti nganggo krikil. Saliyane suweng utawa krikil, dolanan iki uga
diiringi tembang dolanan.
Saumpama sing dolanan cacahé 7( A, B, C, D, E, F,
lan G). Bocah 7 iku banjur sut, sapa sing kalah, dadi.
Umpama sing dadi G. Banjur G lungguh mengkurep ing lemah lan diubengi bocah 6
liyané ( A, B, C, D, E, lan F). Salah siji saka bocah 6 kui didadèkaké embok.
Banjur kabèh tangané bocah 6 mau disèlèhaké ing gegeré G, tangané
nganthong(telapaké ing dhuwur). Banjur padha nyanyèkaké tembang cublak-cublak
suweng, sinambi embok ngubengaké suweng ing tangané bocah 6 mau. Nalika tembang
tekan pak empong lera-lere, kabeh tangan nggegem. Banjur nalika tekan sir
sir pong dhele kopong, kabeh tangan dijunjung saka gegere G lan driji
duding loro karone nduding banjur diobahake kaya ngirisi gula jawa. Bareng karo
kuwi G tangi saka lungguhe. Nalika tekan sir pong dhele kopong kang
kapindho G dikon milih sapa kang nggawa suweng utawa krikil mau. Yen pilihane G
salah, G kudu dadi meneh, nanging yen bener, sapa kang
dipilih mau kudu dadi. Ngono sabanjuré.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar