Sabtu, 27 Desember 2014

GEGURITAN



Dening singgih widodo


Klemun klemun..
Cenaat cenuuut..
munyar munyer..
Rasane kaya wong keblinger 
sirahku kaya gangsingan mubeng seser
...
Ngadheg salah
Ndodhok salah
Mlumah uga salah
Mengkurep apa maneh, luwih parah..
Bisane mung thelek thelek
thela thelo
merem melek
dlongap dlongup  
kaya Kethek kena tulup
...
Kadang aku mikir "Sing mubeng iki Donyane apa awakku?"
Gregah gregah aku nyoba cekelan cagak omah tengah
Awakku ndredheg wel welan kaya ketemu Macan edan 
Oawalaaah... Gusti Allah
Ngene iki ta rasane awak yen lagi ora nggenah
Salah salah malah bisa didarani wong bubrah
Sebab tingkah polahku tansah gawe geguyu  
...
Tak unjalke ambeganku jero jero
tak  remke mripatku kareben ora mendholo 
Alon alon rasa rasane lara sangsaya suda
ragaku kesirep hawa dadi lan turune
Turu..
Turu mak seeer....
" Glonthaangggg ...!!!! " 
Kucing Garong untu ompong mancal trempolong bolong
Kaget aku..!!!
Aku tangi jenggirat ...!
Kucing tak balang papah gedang
mlayu nunjang palang tanpa ana sing ngadhang

Oawaaaah...Gusti Allah
Dina Rebo aku lenga lengo kaya wong bodho
Dina Rebo aku undhak-undhuk kaya Lele marani sunduk
Dina Rebo aku jempalikan ora karukaruan 
...
Muga muga Rebo mbesuk tan ana rubeda kalawan candik ala
Amiin..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar