Minggu, 07 Desember 2014

Tuladhane Tembung: GARBA, ENTAR, PARIBASAN, BEBASAN,SALOKA


Tuladhane Tembung: GARBA, ENTAR, PARIBASAN, BEBASAN,SALOKA


Tembung Garba : Tembung loro sing digandheng, nanging suda wandane
Tuladha          : – Aneng     → ana         +  ing
- Dupyarsa         → dupi       +  arsa
- Jiwangga → jiwa        +  angga
- maharsi  → maha      +  resi


Tembung Entar : Tembung kang tegese ora salugune
Tuladha          : – Abang kupinge = nesu
- Adol kringet     = nyambut gawe
- Cilik atine        = kuwatir, jirihan
- Jembar polatane        = pinter


Paribasan : Unen-unen kang ajeg panggone, mawa teges entar, lan ora
ngemu surasa pepindhan.
Tuladha          : – Nyolong pethek                   = Ora cocog karo pangirane
- Kepara-kepere           = Pangedume ora padha
- Kepluk ora tombok   = Ngrasakake senenge ora cucul wuragad
- Ketula-tula ketali       = Tansah nandang sengsara



Bebasan         : Unen-unen ajeg kang ngemu surasa pepindhan.
Tuladha          :
– Nututi layangan pedhot      = Mbudidaya baline kahanan kang
                                                  wis ora becik.
- Ora ganja ora anus              = Wong kang rupa lan tumindak ala
- Mban cindhe, mban siladan = Pangrengkuhe ora padha.
- Dudu berase ditempurake   = Nyambung rembung sing ora
                                                   cocog karo bakuning rembung.


Saloka  : Unen-unen kang gumathok, kang ngemu pepindhan.
Tuladha          :
- Tekek mati ulone                              = Wong cilaka marga rembuge dhewe
- Kemladheyan ngajak sempal            = Mitra kang ngajak rusak
- Kaya baladewa ilang gaphite            = Wong kang ora duwe kekuatan
- Pecruk tunggu bara                           = Wong ala dipercaya tunggu barang
                                                                Karemane

Tidak ada komentar:

Posting Komentar