Minggu, 07 Desember 2014

tuladha sesorah dinten kamardhikan


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahirobbil’alamin
Wabihinasta’inu umuriddun yawaddin
Wassholatuwassalamu’ala asrofil ambiya iwal mursalin
Sayyidina wamaulana muhammadin
Wa’ala alihi washohbihi aj ma’in ammaba’du

Para sepuh para pinisepuh ingkang dhahat kinurmatan
Ingkang kinurmatan Kepala Dinas Dikpora Kab. Kebumen
Ingkang kula hurmati para juru pambiji lomba pidhato basa jawa
Rencang-rencang panyarta lomba pidhato basa jawa ingkang kula tresnani

Mangga kita sareng-sareng ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringi rahmat lan hidayahipun satemah kita sages makempal ing papan punika. Shalawat lan salam uga kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang sampun mbeta kita saking jaman Jahiliyah kanthi jaman Islamiyah.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,
kita badhe mengeti Dinten Kamardikan Indonesia ingkang kaping 65. 350 taun kita dipunjajah dening Walanda, lajeng Walanda kawon Jepang mlebet Indonesia. Indonesia dipunjajah malih. Kirang lankung   3 ½ taun dipunjajah, pungkasanipun Indonesia ngawontenaken proklamasi. Proklamasi punika sanes hadiah saking penjajah, ananging asil perjuangan para pahlawan ingkang sampun gugur ing medan perang. Rahmat ingkang arupi kamardikan punika, umumipun satunggaling rahmat ingkang paling ageng. Saking punika kita kedah estu-estu ngonjukaken syukur dhumateng Allah SWT lan ampun nganthos kita dipujajah malih.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,
negari Indonesia punika saleresipun dereng mardika, amargi taksih kathah kabudayan lan asil bumi ingkang sampun dipunkekahi dening tiyang manca. Ing Indonesia pemuda-pemudinipun malah remen niru kabudayan kulon, tuladhanipun dance, band, lsp. Sarto sampun nglirwakaken dening kabudayanipun piyambak, kadosto njoged cara jawi.

Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,
kenging menapa negara manca pengin njajah Indonesia sebabipun punika, Negari Indonesia “Loh Jinawi”. Loh tegesipun subur, jinawi menapamenapa wonten. Nanging lare Indonesia sapunika sampun mboten ngertos tegesipun loh jinawi. Ing Bali, hotel punika sampun mboten kagunganipun tiyang lokal, ananging kagunganipun tiyang manca. Tambang-tambang ing Indonesia, tuladhanipun ing Jayapura PT. Freeport punika sampun dipunkekahi dening tiyang manca. Pramila mangga kita nglestarikaken budhaya Indonesia lan isi kamardikan iki supados Indonesia langkung majeng.
Para rawuh  ingkang dhahat kinurmatan,
cekap semanten atur kula, menawi wonten klenta-klentunipun atur kula kula nuwun gunging samodra pangaksami. Akhirul kalam.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar