Selasa, 16 Desember 2014

telaah pranata adicara kerigan ing DESA MADURESO KECAMATAN KEWARASAN KABUPATEN KEBUMEN


BAB I
PENDAHULAN

1.1  Latar Belakang
Tlatah jawa inggih menika salah satunggaling suku ing Indonesia. Ing tlatah jawi menika wonten jawa tengah, jawa barat kaliyan jawa timur. Saben daerah anggadhahi budaya lan tradhisi ingkang benten-benten. Salah satunggaling tradhisi ing kutha Kebumen Desa Madureso Kecamatan warasan.
Kathah tdadhidsi ing kutha kebumen nanging kawigatosanipun kula katarik kaliyan adicara kerigan. Adicara menika ngandhut kathah pranata sosial. Pranata social inggih menika minangka system tata kelakuan kangge sedaya kegiatan wonten masyarakat kangge netepi kabetahan kompleks lan khusus wonten masyarakat. Nilai-nilai pranata social menika benten-benten wonten ekonomi, agama, pendhidhikan, lan keluwarga.

1.2  Rumusan Masalah
1.      Kados pundi prosesi adicara karigan ing Desa Madureso Kecamatan warasan ?
2.      Pranata punapa kemawon ingkah wonting ing adicara karigan ?

1.3  Tujuan
1.      Mangertosi prosesi adicara karigan ing Desa Madureso Kecamatan warasan
2.      Mangertosi punapa kemawon ingkah wonting ing adicara karigan.

BAB II
PEMBAHASAN
2.1  Deskripsi adicara karigan 
A.       Deskripsi Desa

Desa madureso menika salah satunggaling desa wonten Kecamatan Kuwarasan , Kabupaten Kebumen , propinsi jawa tengah. Nama madureso menika saking “madu” tegesipun manis , lan “reso” inggih reksa tegesipun njaga. Dados madureso tegesipun inggih menika njaga kaharmonisan. Desa maduresa menika gabungan saking cesa pangkalan lan desa pasanggrahan. Sejarahipun inngih menika , desa pangkalan dipunjumenengaken dening tumenggung singa patra , tumenggung patra singa , nyai kopek, lan jenal nyali. Menawi desa pasanggrahan dening tumenggung suta wirya, tumenggung antawirya lan tumenggung karma jati. Dados nalika Desa pangkalan dipunpimmpin dening H.nawawi, khanti musyawarah pungkasanipun desa menika gampil dipunpadosi amargi, anamung kiran langkung 7 km saking margi ageng jalur mudik selatan , yos soedarso kathah ingkang dados petani, pedangan, buruh pabrikwonten perantauan, lajeng dados guru lan aparat desa. Desa Madureso anggadhahi sekawan dhukuh inggih menika dhukuh gayangan, Dhukhuh Pangkalan, Dhukuh Pasanggrahan, Dhukuh Karangsari.

B.      Tradisi
Miturut pangandikanipun Bapak yatin minangka lurah Desa Maduresa sampun mojur kanthi nama Desa santri. Kathah adicara lan tradhisi ingkang anggadhahi gegayutan  kaliyan agama, mliginipun ilam. Dados , kados ta tradisi karigan ugi wonten gegayutanipun kaliyan agama. Menawi wonten papan sanes kerigan sami kaliyan sadranan.
a.      Waktu
Adicara karigan dipunkatindakaken wonten sasi ruwah lan saderengipun sasi sura
b.      Rantaman Adicara
Adicara mnika saderengipun dipunwontenaken adicara kados sholat jumat lan adicara ingkang wonten kathah tiyang ingkang sami kempal.
Saderengipun adicara menika, para tokoh desa sampun musyawarah. Para tokoh desa menika ngrembag punapa kemawon kabetahan. Salah satunggaling kabetahan ingkang wigati sanget inggih menika tumpeng. Saking musyawarah menika para tokoh masyarakat nemtukaken sinten ingkang badhe ndamel tumpeng. Padananipun anamung giliran utawa sumbangan saking kaluwarga desa. Boten wonten gegayutanipun  kaliyan punapa kemawon.
Adicara kerigan biyasanipun dipuntindhakaken wonten dinten libur. Utawa ahad. Amargi kathah tiyang ingkang sagedNderek adicara menika. Rantamaning adicara enika kados mekaten.
1.      Salah satunggaling tiyang nabuh kentongan kangge ngempalaken warga padatanipun saben RT .
2.      Para warga sami kempal wonten dalemipun pak RT utawa papan ingkang dados kasepakatan. Saben sakaluwarga paring wakilipun setunggal kanthi mbekta ubarampe kados ta pacul, gaman, lan sakpanunggale.
3.      Menawi sampun kempal, lan cekap. Para warga budhal sesarengan wontenn pesareyan. Dhukuh Guyangan lan Pangkalan ngaler inggih menika pasareyanipun Dhukuh kalih menika. Lajeng, dhukuh pasannggrahan lan karangsari  mengidul wonten pasareyanipun dhkuh kekalih menika.
4.      Menawi sampun dugi, para warga nengga dhawuhipun aparat desa, sampun saged ipun wiwiti punapa dereng. Padatanipun para warga ngresiki pasareyanipun leluhur sowing-sowang
5.      Tumpengipun menika dipunpundhut menawi adicara menika badhe bubaran. Tumpengipun padatanipun wonting werni-werni kados ta tumpeng biasa (sega, jangan oseng-oseng mi, krupuk), tumpeng bosok (sega, jangan gesek campur tempe pedes)
6.      Menawi sampun pungkasan anggenipun ngresiki wau, kyai utawa tokoh agama mimpin donga nyuwuun keslametan kaliyan Gusti Allah Swt. Kangge leluhuripun lan para warga ingkang taksih gesang menika.
7.      Menawi sampun sedaya, tumpeng nembe angsal dipun bikak lan dipunbagi-bagi. Lajeng para warga sami bibar piyambak-piyambak.

C.      Peraturan Karigan
1.      Saben sakaluwarga kedah paring wakil setunggal utawa langkung prayogi.
2.      Nalika wonten pasareyan boten pareng lungguh wonten kijing.
3.      Nalika badhe mlebet pasareyan kedhah maos donga.
4.      Kedhah anteng pikiranipun.

2.2  Telaah Pranata
Saking adicara wau, anggadhahi pinten-pinten piwucalan, inggih punika pranata sosial. Pranata sosial menika kaperang dados pinten-pinten bidang. Pranata sosial menika wonten bidang:

a.      Kabetahan kaluwarga (kekerabatan) ingkang kasebat Pranata Keluarga
b.      Kabetahan Ekonomi, Pranata Ekonomi
c.       Kabetahan ilmiah, Pranata Pendidikan
d.      Kabetahan Rohani, Pranata Agama

a)   Pranata Kaluwarga
Saking aturan kerigan ingkang kasebut “Saben sakaluwarga kedhah paring wakil setunggal utawa langkung prayogi, menika saged kepundhut bilih saking keluwarga mesthi ngusahaken saged paring wakil. Menawi radi susah, inggih dipunpeksa-peksa saged ndherek. Menawi bonten ndhrek kaluwarga menika raosipun isin, ewuh, lan sanesipun.

b)   Pranata Ekonomi
Pranata menika gegayutanipun kaliyan ingkang angsal giliran damel tumpeng. Sanajan menawi ekonomi keluwargaipun radi susah inggih tetep dipunkiyataken utawa dipunsaguhi. Menawi boten saged nepati, kaluwarga menika raosipun isin. Dhawuh menika ugi kangge nguji kahormatanipun kaluwarga menika. Dados, kaluwarga menika ngusahakaken nyaguhi kangge njaga kahormatan lan martabat kaluwarga.
c)    Pranata Pendidikan
Pranata menika saged kapundhut saking sedaya rantamaning adicara. Inggih menika kita kedah njaga paseduluran kanthi ndherek adicara menika. Lajeng, kita ugi kedhah bekti maring leluhur kita. Menawi boten saged netepi kita mangke raos rugi lan isi, ugi dipunsindir dening warga.
d)   Pranata Agama
Pranata agama menika menawi dipunpahami saking adicara inggih kita menika gesang boten namung wonten donya. Dados, kanthi adicara menika saged kanggee pepeling maring gesang wonten akhirat. Lajeng saking adicara menika nindhakaken perintah agama inggih menika bhekti maring tiyang ingkang sampun seda utawa leluhur kita sedaya. Adicara menika ugi realisasi saking hablu minannas lan hablu minnalloh. Kita mundhut saking adicara donga sabibaripun Kerigan.

Mekaten menika tradhisi Kerigan wonten Desa Medureso mugi manfangat. Nuwun









BAB III
PENUTUP

3.1 Kesimpulan
Adicara Kerigan menika anggadahi katah piwucalan kangge generasi salajengipun. Nilai-nilai kados nilai agama, ekonomi, lan sanesipun menika awrat sanged kangge kita sedaya supados saged gesang wonten masyarakat.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar