Assalamulaikum wr wb
Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.
Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring
budi.
Para kanca, siswa-siswi ingkang kula
tresnani.
Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken
syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan
hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas,
waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan pengetan dinten Kartini
samang-ke punika.
Pangetan dinten Kartini wigatos sanget
tumrap kula panjenengan sadaya. R.A. Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah
mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika
pangarsa tumrap wanita ingkang karyanipun mligi kangge majengipun wanita wiwit
duk rikala bangsa Indonesia taksih dipuncengkerem dening bangsa penjajah.
Labuh lebetipun R.A. Kartini saestu luhur
sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih
kedah meres penggalih kangge majengipun bangsa. Panyengkuyungipun para wanita
boten saged dipunremehaken, malah kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan
majengipun bangsa punika.
Pancen sampun dipundokrataken para wanita
saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing
manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit
saking pangaribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumanem
ngrembaka ing mahanipun wanita Indonesia.
sampun cetha ing panggesangipun bangsa
kathah wanita ingkang saged kiprah kadi dene para priya ing babagan
warna-warni. Ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah.
Kanti makaten punika sumangga
kadang-kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu
Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih
punika tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang
prasaja, mrantasi sadhengah karya.
Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami
kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.
wassalamualaikum wr wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar