Jumat, 28 November 2014

sinopsis carita wayang


Tragedhi Ngethok Pita


Anggone ngenteni nganti kaya nangka kedalon. Akhire dewi arimbi nglahirake putra bima. Para rakyat pringgadani pada bungah amarga anak iki kang bakal dadi kembang-kembangane ratu ing pringgadani. Ora melu ketinggalan para pandhawa,bathara kresna,para kadang punakawan,astrajingga saha dawal pada kumpul melu mangayu bagya.ora let suwe swara tangisan bayi sing gawe gleger sak pringgadani. Siji mbaka siji padha ngaturake rasa mangayu bagya kanggo raden werkudara utawa bima kanggo lahire sang jabang bayi sing di jenengake jabang tutuka.
            Ora ana sing ilang saha kurang saka bayi kasebut namung ari-ari saka bayi jabang tutuka durung bisa tugel. Kabeh cara dilakoni kanggo ngethok tali ari-arine nanging tetep ora bisa. Dewi arimbi namung bisa nangis. Begawan abiyasa sing ora liya yaiku simbah buyute jabang tutuka ngendika,sing bisa ngethok ari-ari jabang tutuka namung gaman gaman kadewatan duwene bethara guru. Begawan  abiyasa mrintah arjuna supaya lunga ing khayangan kangggo goleki gaman kuwi mau.
            Ing khayangan isih ana kedadean sing gonjang-ganjing,disebabke serangan saka naga percona. Naga percona nduweni kesakten sing arep padha karo para dewa. Kedadean iki jelas gawe repot para dewa. Bethara guru ndelok saka kaca trenggana, sing bisa nglahake naga percona namung jabang tutuka. Bethara guru mrentah Bethara Narada supaya menehake panah kontawijaya marang arjuna kanggo ngethok ari-arine jabang tutuka karo syaran yen jabang tutuka kudu dadi panglima perang ngadhepi naga percona.
            Ing wektu sing padha Karna nembe tapa ing kali gangga kanggo golek gaman sekti. Nalika Bathara Narada nyedhak ing panggonane Karna,deweke bungah amarga Karna dikira Arjuna. Bethara Narada langsung wenehake gaman kasebut,karna nrima langsung lunga tanpa pamit. Hal kasebut nggawe sadar Bthara Narada sing diwenehi kuwi dudu Arjuna. Mangertini hal kasebut semar nyalahake Bethara Narada, amarga sing diwenehi kudu dudu Arjuna nanging Karna.  Bethara Narada wis grusa-grusu wenehake gaman lan langsung mrentah Arjuna ngoyak Karna. Arjuna mlayu marani Karna, dadi perang tandhing ngrebutake gaman kasebut. Arjuna bisa ngrebut gaman kuwi saka Karna langsung lunga mulih ing pringgadani. Tekan pringgadani langsung dinngo ngethok ari-ari jabang tutuka. Banjur ngejak jabang tutuka menyang khayangan amarga wis janji marang Bethara Guru. Mulane Bima ora sarujuk amarga jabang tutuka isih bayi. Nanging kabeh mau wis ana janjine karo Bethara Guru.
            Jabang Tutuka diboyong ing khayangan, tekan gerbang selapa jabang tutuka diselehake ing tengah dalan. Ora let suwe Naga Percona teka deweke weruh bayi lan ngece Bathara Guru, Bethara Guru dipoyoki  lann diunekake edan amarga ngakon ddeweke nglawan bayi  sing mung bisa nangis. Bethara Guru ngangkatjabang tutuka lan dicedakake wayahe naga percona,tangane jabanfg tutuka obah bisa gawe mripate naga metu getih. Naga percona ora trima lan bakal nglawan bayi kuwi maneh. Krungu Naga Percona ngincim Bethara Guru nyemplungake jabang tutuka ing kawah Candradimuka. Ing jero kawah diweneehi gaman supaya tuttuka kuwat. Nalika wis mentas jabang tutuka dadi Gathotkaca lan perang tandhing maneh karo Naga Percona, Gathotkaca bisa nyuwek cangkeme Naga Percona nganti mati sekaligus dadi awal kepahlawanane Gathotkaca putra Bima.