Sabtu, 27 Desember 2014

SEKATEN

Garebeg Mulud asring kasebat Sekaten. Garebeg Sekaten kapendhet saking namaning gamelan pusaka Kyai Sekati ing kraton Ngayogyakarta. Gamelan Kyai Sekati dumados saking kalih prangkat gamelan, inggih punika gamelan Kyai Gunturmadu kaliyan Nagawilaga.

Gamelan Kyai Sekati dumunung wonten ing pagongan sisih ler lan pagongan sisih kidul ing kompleks Mesjid Agung Kraton Ngayogjakarta. Gamelan punika dipunthuthuk tanpa kendhat, kajawi ing wayah salat lan malem Jemuah dumugi salat Jum’at. Gendhing-gendhing ingkang dipunungelaken sedaya anggitanipun para wali sanga. Utaminipun Sunan Kalijaga, Sunan Bonang, Sunan Giri, lan Sunan Kudus. Gendhing-gendhing kala wau ancasipun kangge syiar agami Islam. Pramila nama-namaning gendhing ngangge basa Arab kanthi lafal basa Jawi. Tuladhanipun Salatun Subinah, Ngajatun, Sumiyah,lan Jaumi.
Ing Kalender Jawi, wulan Hijriyah Robiul Awal kasebat wulan Mulud. Sekaten utawi Garebeg Mulud kawontenaken dening Kraton Kasultanan Ngayogyakarta ing wulan Robiul Awal. Satunggal minggu saderengipun pengetan miyosipun Nabi Muha Muhammad SAW. Dening masarakat ing Surakarta lan Ngayogyakarta garebeg Mulud limrahipun kangge pisowanan.

Adicara ingkang baku inggih punika Garebeg Mulud utawi Pasowanan Mulud utawi Sekaten. Adicara punika awujud kegiyatan waosan utawi pengajian riwayat Nabi Muhammad SAW lan salawat Nabi. Adicara punika kawontenaken ing Masjid Agung Kraton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat dening Kyai Kanjeng Pengulu. Biasanipun Sri Sultan utawi Sri Suhunan tedhak saperlu ngrawuhi adicara punika. Ing pasowanan punika Sultan caos sedhekah kangge para kawula ingkang dipun wastani nyebar udhik-udhik.

Enjingipun medal gunungan pinangka puncaking adicara Sekaten utawi Garebeg. Pareden Gunungan ing Sekaten punika awujud tumpeng ingkang isinipun sekul saha ubarampe saking asili bumi. Pareden utawi Gunungan tansah dipuntengga dening tetiyang ingkang badhe ngalap berkah. Sasampunipun dipundongani kangge keslametan, kawilujengan , kasantosaning raja , sentana miwah sedaya kawula, gunungan lajeng dados rebutan masarakat ingkang sampun andher nengga wiwit enjang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar