Sabtu, 27 Desember 2014

TATA CARA MLAKU



1. Mlaku ora kena sinambi mangan utawa ngombe.

2. Ora kena sinambi gojegan, luwih-luwih ana ing dalan gedhe.

3. Kudu tansah ngati-ati, ngawasake ngarep lan ngerti kahanan kiwa lan tengen.

4. Yen mlaku bareng wong tuwa becike ana mburine.

5. Umpama ndhisiki tindake wong tuwa becike uluk-uluk : “Nyuwun pangapunten,

6. kula ngrumiyini.Manawa liwat ing sangarepe wong kang lagi lenggahan becike uluk-uluk :”Nuwun sewu ndherek langkung”.

7. Mlaku ora kena nyeret  utawa ngentebake sikil.

8. Mlaku ing sisih kiwa.

9. Mlaku ing dalan ora kena jejer-jejer, kena jejer loro.

10. Manawa mlaku lanang wadon, becike sing wadon  ana ing kiwane  lanang.

11. Manawa nyabrang ing zebra cross, sing putri dialing-alingi saka arahe kendaraan.


12. Mlaku ora kena bengak-bengok.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar