1.IDENTITAS
NOVEL
Judul
: Kirti Njunjung
Drajat
Penulis : Raden Tumenggung
Jasawidagda
Penerbit : PT Kiblat Buku Utama
Tahun
terbit, terkait : Cithakan kaping siji,
Bale Pustaka, 1924
Cithakan kaping loro, Kiblat Buku Utama, 2012
Tebal :108 kaca
ISBN : 978-979-8002-07-06
Dimensi :14,5 cm x 20,5 cm
Jenis kertas : HVS
2.
SINOPSIS
Kirti njunjung drajat
menika novel ingkang nyaritakake kedadeyan wigati kang faktual tumrap
masyarakat jawa ing jamane. Utamane yaiku Darba bisa dadi gegambarane “uwong” jawa kang mengkone dibutuhake dening
jaman kang arep tumeka, yaiku jaman merdhika lan luwih maju.
Darba
yaiku jejaka watawis umur 18 taun taksih magang dados abdidalem. Kahanane Darba
lan Bapake namanipun Ki Mas Nayapada ana ing sepur jurusan Semarang –
Yogyakarta kepanggih kaliyan Mas Bei Mangunripta lajeng aruh-aruh piyambakipun
wicanten kaliyan Ki Mas Nayapada “dhateng pundi mas?” Ki mas naya padha
mangsuli menawi piyambakipun badhe dhateng panggenanipun Demang Karyabau. Boten
dipunsengaja Mas Bei inggi badhe dhateng mrika. Wonten ing sepur Darba kaget
amargi pirsa Mas Bei Mangunripta menika priyai nanging tindak tandhukipun boten
sami kalian priyai. Mas Bei menika sombong kabukti nalika wonten tiyang ingkang
butuh lenggahan ing gerbong piyambakipun namun kendel lan nalika ngajak
wicanten kaliyan Darba swantenipun ketingal sombong.
Darba
dugi wonten griyanipun Mas Demang Karyabau wonteng mrika wonten pajagongan
nalika wanci ngajengaken jam pitu, ing pandhapi sampun kathah tamu, sadaya sami
rasukan cemeng, wonten ingkang dhestaran, wonten ingkang makuthan. Anggenipun
damel mantu Mas Demang Karyabau ageng-agengan sayektos, amargi kejawi saweg sapisan,calon
mantunipun punika Raden Mas Uger-uger, putra kapenakanipun Bupati Patuh.
Punapadene ingkang Bupati ugi badhe
ngrawuhi. Darba dipunkengken ngetokake wedang kaliyan dipun peseni menawi pundi
kemawon ingkang dipuncawisi jenising cangkir inggih menika benten-benten. Mas
Demang Karyabau dheleg-dheleg gela manahipun awit tampi pawartos bilik ingkang
Bupati boten saget rawuh, jalaran gerah. Sapunika ingkang kaajeng-ajeng dados
panungguling tamu kantun ingkang Panewu Dhistrik. Saweg dheleg-dheleg mekaten
kaget, mas demang dipun jawil dening Mantri Onder Dhistrik. Mantri Onder
dipunsumanggaaken pinarak. Mas Bei pirsa menawi Mantri onder dipun urmati
lajeng Mas Bau gadhah rasa ewa ing manah. Wewah-wewah lajeng sumrep Ondheripun
dipun ladosi wedang mawi cangkir tutup tatakan, ing batos wewah muring-muring.
Wonten ing pajagongan Mantri Onder beksan, pirsa Mantri Onder beksan Mas Bei
namung kendel kaliyan ngombe, lajeng Darba ngalungake sampur ing Mas Bei
ancasipun supados Mas Bei purun beksan. Mas Bei beksan inggih setenggah sadar
amargi sampun kathah ngombe. Mas Bei
ngajak Mantri Onder ngombe nanging Mantri Onder nyampluk gelase lan
nyiprat datheng rainipun Mas Bei, piyambakipun nepsu.
Darba
lulus pendidikan angka 1 ing Bathangan tahun Belanda 1899. Darba mikir
jero utamane ngenani pangaji-aji kang
didarbeni priyayi, kang ora didarbeni dening priyayi, upamane sudagar, tani,
lan tukang. Miturut nalare Darba, ajineng uwong iku dumunung marang pagaweyan
lan kepinterane kang sabanjure banjur ndunungake pakerti yen para sudagar,
tani, lan tukang gelem sinau, ora serta gelem srawung jembar, uga bakal dhuwur
ajine lan akeh duwite. Embokipipun Darba inggih nggengken darba nyobi
nulis-nulis serat lan dipun kirim wonen serat kabar.
Saben
enjing pangkatipun Darba sowan dhateng kantor mesthi mampir dhateng dalemipun Den
Bei Prajasusastra. Kejawi taksih sanak kaliyan biyungipun, Den Bei priyantun
nemneman bregas, misuwur ahli dateng kasusastran, punapa dene sugih
pangertosan. Nalika Darba sowan dhateng griyanipun Den Bei, panenenganipun
nembe rerembagan kaliyan Bendara Panji Puspawicara, Darba inggih lajeng tumut
nggatosaken dening ngendikanipun priyantun kekalih wau. Darba inggih saget
mangsuli babagan menawi priyantun kekalih wau mboten nemu kesimpulanipu. Darba
kepengin maos serat kabar Den Bei Prajasusastra lajeng Darba dipun ijini maos
kaliyan Den Bei. Darba remen sanget maos serat kabar Darba lajeng nulis pirang-pirang karangan lan
dikirimake ing redaksi serat kabar. Karanganipun Darba dimuat wonten ing serat
kabar. Darba angsal sesebutan sang moncer ing budi Jaka Wiyadi. Wonten malih
ingkang nyebut Sang Wiyana Jaka Wiyadi.
Darba
dipindah tugase wonten ing Klaten, wonten ing dusun menika wonten pabrik gula
gadhaipun tiyang landa. Tiyangipun radi kejem kabukten dening wonten bocah alit
namanipun Dalil kaliyan Jayus nyolong tebu ing kebone ugi diukum raine dipun
leleti tir.
Ing
wanci sonten darba adus dhateng lepen, mantukipun sampun meh serap, lampahipun
turut gelanganing sabin. Bonten antawis dangu Darba miring swara gumrubyang
wonten ing margi, sareng dipun tingali, wonten walandi dhawah anggenipun numpak
pit, badhe tangi kangelan, bokmanawa kesliyo sukunipun ingkang ndadosaken
tumratabing manahipun Darba, dene sacelakipun Walandi wau wonten sinyo alit
kumurep, seta sukunipun sumampir tembinging magri, meh kemawon dhawah ing
lepen. Darba enggal amlajengi, sinyo wau kajunjung. Siti ingkang nggupaki rai
dipun usapi. Dene Walandi wau taksih kerekelan anggenipun badhe ngadeg. Sareng
sampun saged ngadek sayektos, lanjeng murugi Darba, khanti ngulungi arta
sarupiyah, sarta badhe mbopong sinyo ingkang taksih dipunbopong dening Darba.
Darba nampik dhateng paweweh menika, wicantenipun alus, “Tuwan, sampun dados
penggalih, kula boten alap epah,aluwung menawi kepareng sinyonipun kula
gendhong panjenengan nuntun pit. Mangga kula dherekaken dhateng pabrik.” Piyambakipun sami taken tinaken. Sanes dinten
darba sowan dateng griyane tuwan masinis ancasipun badhe gladhen basa landa.
Ora mung gladhen Darba uga purun reresik, nata-nata gambar menika ndadosaken
saya rumaketipun tuwan masinis, Darba remen mirsani prabot-praboting pit ,
wewah-wewah mawi dipun genah-genahaken dening tuwanipun. Darba dipun takoni
dening tuwan masinis “wis pirang taun anggone magang?” Darba nyauri “sampun nem
tahun.” Tuwan masinis gumun wicantenipun wis nem tahun kok arep ditinggal.
Darba boten remen dados priyantun.
Darba
dipun ajak dening tuwan masinis kerja
dhateng Semarang kerja ing pabrik wesi Lin deTeves lajeng Darba ngirim serat dhateng tiyang sepuhipun
enggal tiyang sepuhipun ngeterake Darba marang Stasiun Balapan. Wonten ing
Semarang Darba ngasta ing Pabrik Sepeda Tropikal Semarang, Darba anggsal
jabatan ingkang inggil. Darba gadhah kathah pelanggan kados ta tiyang Belanda,
Cina, lan Jawa. Saking pakerjaanipun Darba saget nyimpen arta kathah. Lajeng
Darba krama kaliyan putranipun mandor Lin deTeves, gadhah putra kakung
cacahahipun wonten kalih. Sampun dangu Darba gesang wonten Semarang
piyampakipun ngraos kangen kaliyan tiyang sepuhipun, lajeng ngajak garwa kaliyan
putanipun wangsul wonten Surakarta.
Surakarta
1912 Darba pindah ing Surakarta malih, wonten mrika Darba bikak bengkel sepeda.
Kagiatanipun amung mekaten kaliyan ngeteraken anakipun jaler kekalih, sami sekolah
walandi dhateng loji weta. Tetangganipun sami pangkling kaliyan Darba amargi
piyambakpun dandan cara walandi, pawakane gagah. Tetangga padha bingung mawi
menika Darba kok purun kerja mbengkel pit, kedahe dados priyantun.
Darba
mlebet dados anggota Boedi Oetomo. Wonten ing parepatan menehi sesorah babagan
pitukangan, Darba dados sumber tanya jawab lajeng Darba dipun angkat dados
pangreh ing boedi oetomo. Darba damel bungah kaluarganipun, deweke saget
mbuktekake marang emboke menawi tiyang sukses menika boten namung saking dados
priyayi. Darba dados tuladha ingkang sae kanggo para kadang muda.
Let
sewulan marasepuhipun darba tilar donya, jalaran sakit influenza, let sewetawis
dinten malih Darba kacandhak nandang sakit ngrekaos, madal sakatahing jampi.
Pancen Gusti Allah saweg adamel lelampahan Darba pinudhut ing Pangeran. Nalika
panguburipun, kathah sanget ingkang sami nglayad: para leluhur, Walandi, Cina,
priyantun saha mitra sanesipun prasasat tanpa wicalan, adamel agengipun
manahipun Bok Nayapada sakaang kaluwarganipun, saha dados panglipur sawetawis
ing atasipun tiyang kapegatan tresna. Sanes dinten wonten utusaning pakempalan
manggihi Bok Darba, taken punapa perlu ngangge pitulungan arta wragad kangge
nglajengaken pasinaoning anakipun. Bok Darba nampik kanthi panuwun, amargi
kejawi taksih gadhah tilaran arta, Darba
rumiyin nanggelaken jiwa dhateng O.L.Mij Bumiputera, khatahipun 5000 rupiyah,
malah artanipun sampun dipuntampeni. Eman sanget dene padamelanipun Darba
punika boten wonten ingkang nglajengaken, bok manawi benjing anakipun ingkang
sinau wonten ing Surabaya.
3. UNSUR INTRINSIK NOVEL
Tema
Keteguhan
atinipun darba babagan keprabon ingkang sanes sakin kapriyayi nanging kamangka
sakit kapinteran kalian usahanipun.
Latar
Belakang
Kirti njunjung drajat
menika novel ingkang nyaritakake kedadeyan wigati kang faktual tumrap
masyarakat jawa ing jamane. Utamane yaiku Darba bisa dadi gegambarane “uwong” jawa kang mengkone dibutuhake dening
jaman kang arep tumeka, yaiku jaman merdhika lan luwih maju.
Waktu
Enjing
Bukti
: Ing saben enjing pangkatipun Darba
sowan dhateng kantor mesthi mampir dhateng dalemipun Den Bei Prajasusastra.
Kaca (35)
Sonten
Bukti
: ing wanci sonten Darba adus dhateng
lepen, mantukipun sampun meh serap, lampahipun turut galenganing sabin. Kaca
(53)
Suasana
-
Bungah
Bukti:
ing ngriku Darba dipun tampeni kaliyan
reraning manah, malah lajengdipun sambuti serat kabar Malayu: slompret malayu
wedalan semarang,... kaca (42)
-
Emosi
Bukti:
ing ngriku lajeng dipun tamplek.
Janeweripun mawut nyiprat dhateng rainipun Mas Bei Mangunripta. Mas bei nepsu,
wicantenipun kemruwuk. Kaca (28)
-
Sedih
Bukti:
pancen Gusti Allah saweg adamel
lelampahan Darba pinundhut ing pangeran. Kaca (106)
Alur
Aluripun
novel Kirti Njunjung Drajat inggih menika alur maju amargi peristiwa ing novel
menika dipun jlentrehaken mawi runtut saking awal ngantos pungkasan.
Gaya bahasa
Krama
inggil : “Nun, kula dherekaken Raden
Ngabei prajasusastra.” kaca (14)
Ngoko
: “wis pirang taun le olehmu magang ?”
kaca (14)
Amanat
Hubungan
manungsa kaliyan badanipun piambak
“Sajatosipun
kula gadhah manah boten remen dhateng kapriyantunan, namung badhe nyambut damel
punapa, punika ingkang taksih peteng.” Kaca(56)
Hubungan
manungsa manungsa kaliyan lingkunganipun.
“Tepangipun
Darba sae sanget, manawi dhateng griyanipun Tuwan Masinis boten kados tamu …”
kaca (55)
Hubungan
manungsa kaliyan gusti Allah
“…Mulane,
Dhi, saya mantep panuwunmu marang Gusti kang Agung, bisaa lestari
sapandhuwure.” Kaca (100)
Penokohan
Darba,
protagonis
Bukti
: “Darba
enggal amlajeng,sinyo wau kajunjung, ... kula mboten ngalap epah aluwung menawi
kepareng, sinyo punika kula gendhong.” Kaca (54)
Ki
Mas Nayapada, peduli
Bukti
: Tujunipun Darba kerep kaajak kekesahan bapakipun, punika radi miyaraken
tebaning pikiran, kasembuh Darba landhep ing budi, sabarang lelampahan dipun
gagas-gagas, dipunpadosi nalar-nalaripun, wekasan dipun titeni.kaca (29)
Mbok Nayapada, gampang kuwatir
Bukti : “Sababe apa, ayake sumelang nek
reged, utawa panulismu sembrana. Rak ya ajar resikan, ngati-ati, lan stiti.” Kaca (32)
Embokipun nyambeti kaliyan pasemon pangerang-erang
saha boten rila, “Apa arep dadi menjait?”kaca (32)
Mas Bei Mangunripta ora
gelem ngalah lan emosinan
Bukti : Dene
bangku sanesipun meh nyekawan sadaya, namung palinggihanipun Mas Bei
Mangunripta, punika dipunlinggihi ijen, amargi patrapipun linggih mujur ngebaki
papan, selanipun ing pinggir dipun dekeki buntelan. Tetiyang dhusun sami ajrih
ngesuk Mas Bei Mangunripta, dipun pilalah sami ngadeg, awit sumerep manawi
punika priyantun. Kaca (15)
“...Heh, apa ora weruh yen aku priyayi.”
Kaca (16)
Mas Demang
Karyabau, purun ngakoni keluputan
Bukti : Kejawi
punika Mas Demang mawi pratela manawi wonten lepatipun ing tindak, nyuwun
pangapunten. Kaca(25)
Den Bei Prajasusastra, sae manahipun
Bukti : “Darba, nek pinuju nganggur
ngono kuwi bok kowe maca-maca, supaya mundhak jembar kawruhmu. Layang kabar
kuwi kena kokwaca.” Kaca (37)
Tuan Sinder
Pabrik / Tuan Masinis, sae manahipun, peduli
Bukti : “Tumraping
bangsaku pancen ora patia mikir marang kepriyayen iku, sing perlu nyambutgawe
blanjane patut lan ora kakehan rewel. Kaya upamane awakku, sing takngengeri iku
pagawean, lire sing duwe pabrik, aku sing nglakoni kanthi diblanja. Tuwan Setatir
sing lumrahe diarani tuwan gedhe, iku lurahe, iku kancaku. Takarani lurah,
marga ngawat-awati enggonku nyambutgawe, bokmanawa aku sembrana. Takarani
kanca, marga padhadene golek pangan blanja sing duwe pabrik. Dadi aku yen wis
tumindak bener, wayahe mesin lumaku, iya wis lumaku, piranti-pirantine resik
ora pating bacecer, tuwane setatir lan sing duwe pabrik arep apa maneh; aku
kena sasenengku.” Kaca (57)
“Kepriye kabare awakmu, Darba?” kaca
(56)
Sudut
pandang
Sudut
pandang orang ketiga amargi katingal saking panyebuting nama darba ing novel.
Bukti
: “… Jejaka watawis umur 18 taun anama pun Darba,” kaca (12)
4. KELEBIHAN NOVEL
·
Nadjan isine
mung 108 lembar nanging isine wis
jangkep kanggo nggambarake kahane Darba
·
Novel Kirti
Njunjung Drajat yaiku novel realis bisa dadi dokumen sejarah lan alam pikiran
dalah budaya jawa mangsa samana
·
Ngajarake
unggah ungguh marang wong sing luwih tuwa
·
Ngajarake
perjuangan urip saka ngisor nganti dadi wong sukses
·
Nggambarake
wong jawa kang mengkone dibutuhake dening jaman kang arep tumeka yaiku jaman
modern
5. KEKURANGAN NOVEL
·
Tembung-tembung
kang digunakake kalebu tembung kang langka dirungokake
·
Kanggo
Mahasiswa semester awalan kelubu novel sing angel dipahami
6. SARAN UNTUK NOVEL ATAU MANFAAT ISI NOVEL
·
Bisa mangerti
kahanan sadurunge kamardhikan
·
Bisa tambah
mangerti tembung-tembung krama
·
Bisa mangerti
cara sukses sing ora saka amung kudu dadi priyayi
·
Ngajarake
unggah-ungguh marang wong sing luwih tuwa
KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.
BalasHapusKAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.
KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.
Bikin sakit aja, tp gpp km kan yangpunya
BalasHapusSakit juga klw lihat cuy
BalasHapusMATHURNUWUN SANGET NYAI/BOPO, DAMEL NGELAJENGAKEN SKRIPSI MAWI BASA JAWA. SUKOHARJO, SABTU-12-19-2020
BalasHapus