Bapak Pundi Bapak
Isuk umun-umun Yatmi
lagi nyapu plataran omah sing reged.saka njero krungu anak-e lanang
gembar-gembor ngundang deweke. Buk ... Buk... sesuk kuwi taun baru lha tanggal
sijine aku ya tanggap warsa sing kaping pitu.
“Buk, Bapak sesuk yen taun
baru bakal teka ya Buk?”
“iya le... Bapak ngesuk
teka.” Wangsulane kepeksa ngapusi kanggo ngayem-ayemi atine Aldi.
“Horeee... Aku sesuk
taun baru bisa dolanan lan nonton
kembang api banjur esuke bisa ngrayakake ulang taunku karo bapak karo
sedulur-sedulur ya Buk?” tembunge sajak
bungah banget, bayangane seneng atine mengko bisa dolanan lan nonton kembang
api karo bapak lan ibune sowang-sowang kaya sedulur-sedulure. Yatmi ora
wangsulan, mung ngelus sirahe anake banjur nyelehake sapune. Mripate brabak mbrebes
mili, atine keranta-ranta merga ora ngerti apa sing lanang bakal bali tilik
anak bojone meneh apa ora.
Biyen limang taun
kepungkur, sing lanang minggat saka ngomah merga ditudung dening mertuwane
lanang, ya bapake Yatmi. Nalika semana Aldi isih umur setaun. Warsana sing
rumangsa lara atine diunek-uneke dening mertuwa lanang banjur minggat ninggal
anak ninggal bojo, lunga mbuh menyang endhi juntrungane ora ana sing weruh lan
ora nate kirim kabar engga saiki.
“Wong lanang kok mung
kluntang-kluntung, saben dina gaweane mung mangan turu- mangan turu wae! Anak
bojo ora diopeni, sembarang amung kari nyadong. Mbok ya macul-macul apa
resik-resik kebon rak ya bisa. Ngertiya nak kowe mung kaya ngene mung arep dadi
panji klantung, Sarjana rak gablek gawean! Rak sembada karo umukmu biyen,
jarene anake wong sugih, anak pejabat, kajen. Shhh... Endhibuktine? Dapurmu rak
gablek apa-apa, anak bojo ben dina sing nyandhangi sing makani kok isih aku!
Malah kowe uga melu mangan turu gur trima nunut! Raimu rai gedheg, rak duwe
isin! Wes kana minggatta wae, timbang nyepet-nyepti mataku!”
Diuring-uring mengkana,
Warsana banjur ringkes-ringkes sandhangane. Banjur lunga minggat mbuh ngendi
parane banjur lunga minggat mbuh ngendi paranne. Ora preduli marang Yatmi sing
nangis mingseg-mingseg karo kondhelan tangane Warsana.
“Kang... aku melu kowe!” tangise karo lenden pager
omah nalika Warsana nyegat dayatsu ing
pinggir ratan.
“Wes menenga kowe Yat!
Nek arep melu dadi kere turut-turut dalan ya kana melua minggat sisan. Lanangan
kaya mengkana dapurane wae mbok gondheli barang. Biyen wis tak tuturi rena-rena
rak tau mbok gugu omonganku. Nek manut karo karepe bapakmu ki rak kowe wis
dirabi karo lurah karno. Uripmu mulya, kajen kerinan!” Yatmi malah katut oleh
srengen saka Bapakne.
Tinimbang ndedawa
perkara, Yatmi banjur mlebu kamar nemoni anake lanang. Senajan atine isih sedih
ditinggal sing lanang, eluhe pating dlewer nelesi pipine. Atine
disabar-sabarake lan diteteg-tetegne kanggo ngadepi dina-dina sakbanjure.
Lan ora krasa, gilir
gumantine wektu sing muyer seser kaya kitiran iki wis genep nem taun Warsana
ora bali-bali ngendhangi dheweke. Yatmi
kaya diilengake maneh dening pitakon saka anake lanang “Buk, Bapak sesuk yen
taun baru bakal teka ya buk?” pitakonan lumrah ngungkrah-ngungkrah rasa
pangrasa ing atine kang wis meh kesirep lan kegiles dening puteraning wektu
kang wis lumaku. Ning watak kaya Yatmi kuwi patut diacungi jempol loro, ora
mung loro kudune ya papat karo jempol sikil sisan. Senajan duwe rupa ayu lan
kathik awak ya isih sedet pedet ora kalah karo prawan-prawan ing desane,
nanging atine ora banjur kepencut golek gantine Warsana. Senajan saumpama
gelema, sing antri ora ana entek-enteke. Wiwit saka Lurah, Camat, PNS, lan
Guru-guru sing pda makarya ing sakiwa tengene desane Yatmi. Kabeh padha antri
arep ngrabi Yatmi. Ning atine Yatmi ora
sulap dening kuwi kabeh, deweke isih
tetep nganti-anti baline Warsana.
“Buk ... Bapak tekane
kapan?” pitakone Aldi nalika Yatmi lagi ribut ngulek sambel kanggo kanca mangan
pitik goreng, amarga sedulur-sedulure aldi sing saka Surabaya padha kumpul ing
omahe.
“iki aku diparingi pak
dhe kembang api karo kaos gambar robot. Apik ya buk?”
“iyaa apik banget, kana
ndang disinggahi ning lemari ben ora reget” ujare.
“Buk iki kembang apine
besuk yen digabungake karo sing diparinge bapak rak yo tambah akeh ya buk?”
“heekh ... wes kana
dolanan karo Mbak Mila lan Mas Arga dhisik.” Ibuk tak ngrampungake gawe
masakane.
“iya Buk.” Aldi banjur
mlayu nyusul sedulur-sedulure kang lagi lagi pada teka saka Surabaya. Ninggali
Yatmi kang ibut ngelapi mripate sing kekembeng banyu eluh, ora merga kecipratan
sambel, ning merga kena uwab saka njero atine sing karajang-rajang, renyuh
nyawang anake sing tansah ngarep-arep tekane bapakne.
“Ah ... kok ya
kebangeten nemen ta Gusti awak kula niki. Dhuwe bojo ninggalake aku lan anakku.
Ninggal anak bojo nyah mana- nyah mene ora tau ana kabare babar pisan. Coba
biyen aku manut omongane bapak rak ya uripku saiki kepenak, mulya.”
Pangresulane jero atine.
“lhoo napa dhek kok nangis.”
Tanpa kinawruhan dening Yatmi, ujug-ujug Mbakyune ipe wes ngadeg ing sandinge .
“ehh... mbak Yun.
Mboten napa-napa kok mbak niki napa kenging uwab brambang.”
Tembunge ngapusi karo
ngelapi mripate nganggo lengen kaose.
“Oalah ngana ta, ki tak
rewangi apa?”pitakone Mbak Yuni
“Menika mbak klapa
parutane tulung diperesi santene.”
“saringan klapane ndi
yat?”,
“wonten rak paling
ngandhap.”
Wong loro banjur gawean
bareng lan omong-omongan.
“Anu, sapa? Bapake Aldi
sesuk sida teka mrene ya Yat? Mau kok Aldi crita jare ngesuk arep delok mbang
api karo bapakne” mbakyune ipe takon nyambi meresi klapa.
Yatmi sumedhal atine,
“ahh... duka nggih mbak. Niku lak kula namung ngayem-ayem atine Aldi kemawon.”
“Bu.. ibu ayok
mlampah-mlapah dateng sawah kaliyan bapak, ayok bu sampun ditengga bapak wonten
njawi.” Kro nggeret-nggeret tangane ibune
“sek, ibu jek ngewangi
lek Yatmi masak ngene lo.”
“Sampun mbak ditilar
mawon boten napa-napa. Kersane kula rampungne piyambak.” Tembunge Yatmi nalika
Mbakyune ipe digeret-geret dening anak-anake arep diajak mlaku-mlaku.
“Eh... alah arek-arek
iki. Wong gek kangen- kangenan karo Bulik Yatmi kok ya diganggu wae. Tak
tinggal dhisik ya dhek... wes jan arek-arek.”
“Nggih mboten napa-napa
mbakyu.” Yatmi mesem banjur nerusake anggone masak.
Sesuk sorene nalika
isih pada kumpul siyap-siyap ngrayakake taun baru wes pada krungu swara mercon
pating jlenger. kabeh pada bungah dolanan kembang api . nanging warti malah nng
pawon asah asah piring.
Buk... buk... kok malah
ning pawon pripun ta?, wong sami dolanan kumpul sowang-sowang ning njawi, yo
ndang medal buk.”
“ya, ngko sik ta iki
ibuk ta ngebarke asah-asah piring dhisik, mengko ibuk nyusul.”
“Saiki ah, karo ngnteni
bapak ning njawi.” Ujare Aldi. Banjur Yatmi lan Aldi metu.
Yatmi sengaja lungguh
dhewe ning ngisor wit nangka, senajan peteng kuwi wis dadi panggonan favorite Aldi lan ibune.
Aldi marani ibune,
“buk, bapak kok rak dugi-dugi ya?”
Ibune sumaur, “Ya sabar
ta le, paling iki neng dalan macet.”
Ora let suwe ana mobil
sedan parkir ing ngarepan omah, banjur buka lawang mobil nyangking tas kresek
lan koper, wonge gagah dhuwur rambute gondrong nggo kaca mata mlaku cepet
marani Yatmi.
“Yat, kowe rak kelingan
aku?” pitakone wong lanang mau
Sajak rada pangkling,
“mas... mas warsana? Bener iki mas Warsana?”
“iya yat, iki aku Mas
Warsana , aku kangen sliramu Yat.” Karo ngranggul banjur takon “ndi Aldi ?”
“Aldi... Aldi... iki
bapak le, tembunge Yati karo mbengok.”
Aldi mlayu banjur
nyikep Bapakne. “ Pak Aldi kangen Pak.”
“Bapak ya kangen
bangeet le marang kowe.” Karo ngelus-ngelus lan ngambungi pipine Aldi.
Wengi kuwi kaya-kaya
ora ana wong sing bungah ngungkuli bungahe Aldi,Yatmi lan Warsana. Wong telu
padha gegojegan ing sak ngisore wit nangka. Aldi ora leren-leren anggone nyumet
kembang api kang digawakake dening Bapake. Aldi bungah banget amarga ing ulang
taune sing kaping pitu wis dikancani Bapakne. Wengi kuwi dadi wengi sing paling
endah kanngone Aldi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar