Sabtu, 27 Desember 2014

Tata Krama


Tata krama wonten ing masyarakat khususipun masyaraknbhat jawi sakmenika sampun milai luntur saking kawontenan pengaruh gobalisasi kaliyan kawontenan  zaman ingkang  sampun milai kacampuran kaliyan budaya barat. Tata krama saking kata tata lan krama. Tata ingkang gadhah teges Adat, norma utawi aturan.
lan Krama ingkang gadhah teges Sopan santun utawi tumindak.
dados tata krama punika tata cara utawi tatanan ingkang sae ingkang sampun turun-temurun ing budaya masyarakat ingkang ngatur sesrawungan tumprap tiyang sanes supados ngaosi kaliyan tiyang sanes punika ingkang cocok kaliyan adat masyarakat utawi adat ingkang sampun lumampah. Dados tata krami ingkang saben suku utawi daerah saged benten kaliyan daerah sanesipun. Tata krama nggadahi tujuan kangge ngatur tingkah laku supados mboten nyimpang saking adat, lan ngatur tata cara sesrawungan kaliyan tiyang sanes supados miturut kaliyan tata krama ingkang sampun mlampah ing masyarakat daerah ingkang dipun lenggahi.
            Tiyang ingkang kawajiban nepangaken tata krama dateng putra inggih menika tiyang sepuh, supados nggadahi watak ingkang sae. Tata krama dipun bagi dados pinten-pinten perkawis inggih punika ngatur tata krama dhahar, mlampah, ngaggem busana, ngendikan kaliyan tiyang sanes, sesrawungan, lan sakpanunggalanipun. Sakmenika kula badhe ngandharaken salah saktunggalipun perkawis tata krama pangandikan kaliyan tiyang sanes. Tiyang kagungan pangandikan kalian tiyang sanes gadhah tata krama inggih punika :
1.      Kedah ngginaaken basa krama alus menawi ngendikn kaliyan tiyang ingkang langkung sepuh.
2.      Mboten motong pangandikanipun tiyang sanes
3.      Mboten ngrasani lelampahanipun tiyang sanes
4.      Kedah ngaggem basa ingkang sopan lan santun
5.      Kedah nggateaken panggenan ingkang kangge pangandikan
6.      Mboten kekathahen gegujengan menawi pangandikan wontening panggenan tiyan kathah
7.      Mboten gegujengan wonten ing mergi
8.      Menawi wonten tiyang ingkang nyuwun pirsa dipun aturi kanthi sopan lan santun
9.      Mboten pareng ngendikan ingkang sora-sora
10.  Menawi pangandikan ingkang andhap asor
11.  Kedah semanak
12.  Kedah sumeh lan temrampil
13.  Kedah ngaosi kaliyan tiyang sanes
14.  Kedah ingkang sopan lan santun
15.  Nggatosaken pemanggihipun tiyang sanes
Menika tata krama menawi pangandikan kaliyan tiyang sanes . Nanging sak punika tata krama kados punika rekaos dipunpanggihi wonten masyarakat jawi. Terutami dumateng para pemuda-pemudi, pemuda-pemudi jaman sak punika kathah ingkang mboten mangertos perkawis tata krama menawi pangandikan kaliyan tiyang sanes, dumateng tiyang ingkang langkung sepuh. Saenggo wiwit sak punika para tiyang sepuh kedah saged nanemaken budaya jawi ingkang sae kaliyan putranipun supados para putra saged gadah tata krama ingkang sae langkung-langkungipun tata krama perkawis pangandikan dumateng masyarakat.
Sak punika sedaya guru wiwit saking TK kedah ngenalaken basa jawi kagem bahasa sedinten-dinten sanesipun basa Indonesia. Sebab sakmenika kathah para siswa ingkang mboten ngginakaken basa jawi namung Basa Indonesia ingkang dipun agem kagem basa sedinten-dinten. Lajeng sanesipun guru para keluarga khususipun tiyang sepuh para siswa kedah nepangaken sekedik mboko sekedik kaliyan para putranipun, saenggo para putra saget ngginaaken basa ingkang leres, sopan lan santun. Menawi masyarakat kagungan tata krami ingkang sae gesangipun badhe sae, tentrem utawi mulya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar