Oleh : evi yuli astuti
sinopsis novel Ser ! Rondho Cocak
Ser ! ser ! plong !
Amrik
lungguh wonten ing kursi nomer 13-B. Wonten ing sedaya papan lungguh penuh
nanging nomer 13 kosong. Dheweke diapit tiyang jaler kalih.
“ Lega,
atiku!” sanjangipun Amrik kaliyan masang sabuk pengaman.
“ Sajake,
kok mempeng, mbak?” sanjangipun tiyang jaler ingkang lungguh wonten ing 13-C.
“ Iya,
jé. Kudune wis tekan Sukarno-Hatta jam setunggal wau. Nitih JAL nanging dipun
delayed.
“Saka
ngendi, mbak ?”
“
Narita, Tokyo.”
“
Ngapa? Kerja nang kana?”
“Gak”
Banjur
Amrik nyapa tiyang jaler setunggalipun ingkang lungguh wonten ing sisih
tengené.
“Kowe
saka ngendi, Mas?”
“Amsterdam.
Saka budhale montor mabur menika.”
*
Wangi mudhun wonten ing Terminal II, dheweke langsung
menyang Gate F. Wangi menyang bandhara amarga dheweke badhe njemput Patut.
Patut nitih Garuda saking Negara Walanda. Patut dikengken wangsul menyang
Jakarta amargi angsal email saking ibune, dikandhani yen bocah wadon sing
jenenge Wangi Lestari sampun kepanggih.
Saderenge Wangi ningali papan pengumuman tekane
pesawat, Wangi ngetokake potret saka tase. Potret sakartu pos fotone Patut. Foto
menika diparingi Ibu Saridewi. Ditonton fotone. Diapalake rupane. Dipadhakake
karo wong sing mengo mudhun saking pesawat.
“Bruk ! Adhuh !” Wangi tiba.
“Oh, ngapunten Mbak. Aku wau boten ningali kana-kene.
Wangi ditulung. Arep muring, Wangi boten sios amarga
dheweke ngrasa sing salah. Wangi banjur
ngadeg lan ngobrol kaliyan tiyang ingkang nabrak Wangi.
“Tenan, orapapa, ya?”
“Tenan. Orapapa, kok. Nanging bokonge rada kantep,”
ujar Wangi aliyan ngelus bokong.
“Iki kersane badhe menapa, ta? Badhe mapag, ya?”
“ Inggih, nanging, embulah” Kula badhe mapag nanging
satemene boten mapag. Nanging pengin
ningali, amargi dereng kepanggih kaliyan tiyang ingkang badhe tak papag.
Tiyang jaler wau nggih badhe mapag wonten ing
bandhara, nanging sampun 3 jam dereng dugi-dugi. Wangi taksih ing bandhara
kaliyan tiyang jaler wau. Tiyang jaler wau ngajak kenalan marang Wangi.
“Heh, kene jenengmu sopo? Kula Linuwih.”
“Wangi. Wangi Lestari.”
*
Amrik kaliyan Patut mudhun saking pesawat, lan mlampah
mundhut barang-barang ingkang dibekto Patut kaliyan Wangi. Patut kaliyan Wangi
ngobrol wonten ing sepanjang jalan bandhara.
“Mbak, engko kondure menyang pundi ?”
‘Heh, kados pundi mas ?” Amrik mendha langkahe,
nyedhakake kuping.
“Daleme ngendi, ta?”
“Kebon Nanas.”
Banjur Patut ngajak kenalan Amrik, nanging Amrik
nyebutake asamane Yuni Shara.
Wangi boten kepanggih kaliyan Patut kanthi penumpang
garuda sampun asat. Wangi kepengin sanget kepanggih kaliyan Patut Rahaja ,
lanang ingkang dipungadhang-gadhang dados calon bojone.
Linuwih boten kepanggih kaliyan Amrik ingkang badhe
dipapag. Banjur linuwih kaliyan Wangi wangsul sareng. Wangi dipun ajak marang
tempatipun Linuwih. Linuwih gadhah sanggar tari jenenge studio Joget Innamorata
Dancer. Wangi carios kaliyan Linuwih tentang Patut ingkang remen sanget kaliyan
joget. Patut saged joget jawa kaliyan joget modern kaya dancer. Wangi nyuwun
pirsa kaliyan Linuwih tentang joget, supados menawi Patut cariyos babagan
tarian Wangi saged mangsuli. Tekan
tempat jogete Linuwih, Linuwih dipuntakeni kaliyan murid jogete sing liyane,
amargi boten wangsul kaliyan Amrik nanging kaliyan Wangi.
Amrik banjur wangsul kaliyan Patut ngagem taksi. Patut
nuruti wangsule Amrik rumiyin banjur dheweke wangsul wonten ing dalemipun
piyambekan.
“Bener iki ya, Mbak, daleme? Aku kapan-kapan oleh
dolan mrene?”
“Ndolani sapa?”
“Ya, ndolani Mbak.”
“O, aku senen-jumat tansah ribet wonten ing kantor.”
Banjur Patut wangsul piyambekan. Patut kasmaran
kaliyan Amrik wau ingkang ngaku jenenge Yuni Shara. Patut ngarepake mugi-mugi
saged kepanggih malih kaliyan Amrik.
Ing Jatirata, omahe Patut kaliyan Wangi jejeran.
Omah-omah dhines pabrik gula. Patut menika putranipun Pak Sastrarahaja, administrator
pabrik. Menawi Wangi menika putrinipun Pak Darmaka, babagan tata buku pabrik.
Patut kepanggih kaliyan Wangi. Patut cariyos jaman SD
kaliyan Wangi sering dipasangaken kangge nari dening gurune, nanging Wangi
boten kemutan sakabehe. Patut cariyos dheweke sering adhus-adhusan wonten kali
wingking pabrik kaliyan Wangi nanging Wangi boten eling malih.
*
Linuwih saweg latian joget amargi badhe wonten
pertunjukan dancer. Wangi wonten ing sanggar jogete linuwih ningali linuwih
saweg latian. Boten lami, Amrik dugi wonten sanggar tarine Linuwih, amargi
Amrik kaliyan Linuwih badhe tari dansa bareng. Wangi cemburu kaliyan Amrik.
Banjur Patut menyang sanggar tarine Linuwih nanging Patut boten mlebet, amargi
Wangi sampun medal piyambekan. Wangi ngejak Patut ningali pertunjukan tari wau,
amarga Wangi ngertos Patut menika remen kaliyan tari-tarian, boten tari jawa
mawon nanging tari modern juga. Linuwih madosi Wangi amargi Wangi medhal boten
ijin kaliyan Linuwih. Wangi cemburu kaliyan Amrik. Liuwih nyuwun pirsa kaliyan
satpam , menapa dheweke kepanggih kaliyan Wangi menapa boten. Banjur Wangi
wangsul malih wonten ing sanggar tarine Linuwih. Amrik taksih wonten ing
sanggar.
Esuke pertunjukan tari wau dipunwiwiti. Linuwih
kaliyan Amrik siap-siap wonten ing mburi panggung. Wangi kaliyan Patut mirsani
pertunjukan tari. Banjur Patut kaget , ingkang dados pasangan tarine Linuwih
menika Yuni Shara, tiyang ingkang ketemu wonten ing bandhara. Wangi cemburu
mirsani Linuwih kaliyan Amrik joget. Banjur adicara menika, Wangi kaliyan Patut
nyedhaki Linuwih kaliyan Amrik. Banjur Amrik kaget kepanggih kaliyan Patut.
Banjur Amrik diajak Patut dance. Wangi cemburu lan medhal saking panggonan wau,
Linuwih ngejar lungane Wangi. Wangi kecandhak lan dipaksa kaliyan Linuwih
mlebet malih, amarga Linuwih tresna marang Wangi sanes Amrik. Banjur tiyang
sekawan wau kumpul sarengan. Patut ngertos Amrik menika jeneng asline Wangi
Lestari, banjur Wangi Lestari menika jeneng asline Wungu. Linuwih ngumumake
marang sakabehe bakal nglamar Wungu dados garwane. Patut lan Wangi Lestari
inggih menika dados pasangan. Wungu kaliyan Linuwih , Patut kaliyan Wangi
Lestari menyang marang griyanipun Patut, badhe nyuwun ngapunten kaliyan
ibunipun Patut Amargi Wungu sampun goroh kaliyan ibunipun Patut. Wangi Lestari
sanjang aliyan Ibu Saridewi. “Ibu, kula ngaturaken sembah sungkem. Nami kula
Wangi Lestari, putrinipun Bapak-Ibu Darmaka, pegawe Pabrikn Gendhis Jatirata,
rumiyin tanggi Panjenengan.” Banjur disusul Wungu. “Kula nuwun, Ibu. Kula
ngaturaken sembah pangabekti. Sesampunipun menika kula ugi nyuwun gunging
pangaksama, margi sampun kumawantun marang Panjenenganipun Ibu mawi name Wangi
Lestari. Menika ugi anggenipun Ibu Darmaka karaya-raya kapurih madosi tiyang
estri ingkang naminipun Wangi Lestari badhe kadhaupaken kaliyan Mas Patut
Raharja, amargi Mas Patut Raharja ngantos dados jaka tuwa mboten kersa mendhet
garwa menawi mboten kaliyan Wangi Lestari. Kula dipundadosaken tumbal. Kula
menika kepenakanipun Pakdhe Darmaka ing Pabrik Gendhis Jatirata, bapak kula
asma Darmaya, pegawe pabrik ing Sebaung Probolinggo.” Banjur ibu Saridewi
sampun mangertos sekabehe, Ibu Saridewi sampun boten jengkel kaliyan sedoyo.
Ibu Saridewi remen sanget amarga putranipun yaiku Patut sampun gadhah calon
garwa, inggih menika Wangi Lestari, kanca alite Patut. Linuwih ugi sampun
gadhah calon garwa inggih menika Wungu.
KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.
BalasHapusKAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.
KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.